Ubuntu kuwe salah siji distribusiLinux sing basiseDebian an didistribusikna dadipiranti alus bebas. Jeneng Ubuntu asale sekang filosofiAfrika Selatan sing artine "Kamanungsan maring sesama"[7]. Ubuntu didesain nggo kepentingan pangangoan personal, ningen versi server Ubuntu uga disediakna, lan wis dienggo nang endi baen.
Proyek Ubuntu resmine disponspori nangCanonical Ltd. yakuwe sawijiking perusahaan bhuweke pengusahaAfrika Selatan Mark Shuttleworth. Tujuan sekang distribusi Linux Ubuntu yakuwe nggawa semangat singterkandung nang jero Filosofi Ubuntu ming donyane piranti alus. Ubuntu kuwesistem operasi kumplit sing basise Linux, disediakna sacara bebas lan duwe dukungan sekang komunitas uga tenaga ahli profesional.
| Versi | Kode jeneng | Tanggal Perilisan | Didukung gutul |
|---|
| Desktop | Server |
|---|
| 4.10 | Warty Warthog | 20-10-2004 | 2006-04-30 |
| 5.04 | Hoary Hedgehog | 08-04-2005 | 2006-10-31 |
| 5.10 | Breezy Badger | 13-10-2005 | 2007-04-13 |
| 6.06 LTS | Dapper Drake | 01-06-2006 | 2009-07-14 | 2011-06-01 |
| 6.10 | Edgy Eft | 26-10-2006 | 2008-04-25 |
| 7.04 | Feisty Fawn | 19-04-2007 | 2008-10-19 |
| 7.10 | Gutsy Gibbon | 08-10-2007 | 2009-04-18 |
| 8.04 LTS | Hardy Heron | 24-04-2008 | 2011-05-12 | 2013-04 |
| 8.10 | Intrepid Ibex | 30-10-2008 | 2010-04-30 |
| 9.04 | Jaunty Jackalope | 23-04-2009 | 2010-10-23 |
| 9.10 | Karmic Koala | 29-10-2009 | 2011-04-30 |
| 10.04 LTS | Lucid Lynx | 29-04-2010 | 2013-04 | 2015-04 |
| 10.10 | Maverick Meerkat | 10-10-2010 | 2012-04 |
| 11.04 | Natty Narwhal | 28-04-2011 | 2012-10 |
| 11.10 | Oneiric Ocelot | 13-10-2011 | 2013-04 |
| 12.04 LTS | Precise Pangolin | 2012-04-26 | 2017-04 |
| 12.10 | Quantal Quetzal | 2012-10-18 | 2014-05-16 |
| 13.04 | Raring Ringtail | 2013-04-25 | 2014-01-27 |
| 13.10 | Saucy Salamander | 2013-10-17 | 2014-07-17 |
| 14.04 LTS | Trusty Tahr | 2014-04-17 | 2019-04 |
| 14.10 | Utopic Unicorn | 2014-10-23 | 2015-07 |
| 15.04 | Vivid Vervet | 2015-04-23 | 2016-01 |
| 15.10 | Wily Werewolf | 2015-10-22 | 2016-07 |
| Warna | Arti |
|---|
| Red | Wis ora didukung |
| Green | Egin didukung |
| Blue | Rilis masa depan |
Varian Ubuntu kuwe akeh banger, ningen mung 3 sing didukung lan dibayari sacara resmi nang Canonical Ltd. yakuwe,Kubuntu,Xubuntu, lanLubuntu.
Nang ngisor kiye kuwe varian Ubuntu sing konlang:
- Kubuntu Ubuntu sing nganggoKDE Plasma Workspace, Kubuntu merlokna sumber dayahardware sing lewih akeh timbang Ubuntu.
- Xubuntu Distribusi Ubuntu sing nganggo Xfce desktop environment, merlokna lewih setithik sumber daya hardware.
- Lubuntu Distribusi Ubuntu sing nganggo LXDE desktop environment, kuwe distribusi Ubuntu sing merlokna paling setitik sumber daya hardware.
- Edubuntu Salah siji proyek gabungan Ubuntu lan GNOME sing tujuane kanggo nggawe sistem operasi nggo sekolah lan panganggo umahan.
- Mythbuntu Distribusi Ubuntu sing didesain nggo nggawe theater rumah nganggoMythTV. Mythbuntu nggunakna Xfce desktop environment.
thumb|250px|right|Logo Ubuntu yang lamaDi Indonesia, terdapat komunitas Ubuntu sing di sebut dengan LoCo Team.
Deleng uga:
Cithakan:Wikibooks
Cithakan:Linux-stub