Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
Wikipedia
Goleti Tulisan

Soeharto

Sekang Wikipedia, Ensiklopedia Bebas sing nganggo Basa Banyumasan: dhialek Banyumas, Purbalingga, Tegal lan Purwokerto.
Presiden RI Jend. Purn. Soeharto
Presiden RI Jend. Purn. Soeharto

Jend. Purn. Soeharto kuwe presiden kaping loro Indonesia. Dheweke ngganti PresidenSoekarno.

Sadurungé dadi présidhèn,Soeharto dadi pamimpin militèr ing jaman Hindia Walanda lan KakaisaranJepang, kanthi pangkat pungkasan Mayor Jenderal. Sawise Gerakan 30 September taun1965,Soeharto banjur nindakake operasi kontrol lan keamanan kanthi prentah saka PresidenSoekarno, salah sijine sing ditindakake yaiku numpes Gerakan 30 September lan nyatakakePKI minangka organisasi sing dilarang. Macem-macem kontroversi ngandhakake yen operasi iki mateni sekitar 100.000 nganti 2 yuta wong.

Soeharto banjur diwènèhi mandat déning Majelis Permusyawaratan Rakyat Sementara (MPRS) dadi Présidhèn tanggal 26 Maret 1968 nggantiSoekarno, lan resmi dadi présidhèn ing taun 1968. Dhèwèké kapilih manèh déningMPR ing taun1973,1978,1983,1988. ,1993, lan1998. Ing taun1998, masa jabatane rampung sawise lengser ing tanggal 21 Mei taun iku, sawise kerusuhan Mei1998 lan diduduki gedungDPR/MPR dening ewonan mahasiswa. Dheweke dadi wong sing paling suwe dadi presidenIndonesia.Soeharto diganti deningB.J. Habibie.

Soeharto uga dadi tokoh kontroversial amarga mbatesi kebebasan wargaIndonesia keturunan Tionghoa, nguwasaniTimor Timur, ngetrapake prinsip tunggalPancasila ing macem-macem bidang, lan diarani minangka salah sawijining rezim paling korup ing sejarah donya modern. Miturut Transparency International, kira-kira kerugian negara kira-kira 15–35 milyar dolarAmerika Serikat nalika pamaréntahané. Nanging, iki ora dibuktekake, Majalah Time malah kalah ing gugatan lan upaya liya kanggo nuntut Soeharto gagal amarga kesehatane sing saya rusak. Sawise nandhang lara suwe, dheweke tilar donya amarga gagal organ multifungsi ingJakarta tanggal27 Januari2008.

Artikel kiye, esihtulisan rintisan. Rika teyeng mbantu Wikipediangembangna artikele.
Ditampa sekang "https://map-bms.wikipedia.org/w/index.php?title=Soeharto&oldid=220304"
Kategori:

[8]ページ先頭

©2009-2026 Movatter.jp