Pasarékatan Bangsa-Bangsa (ꦥꦱꦫꦺꦏꦠꦤ꧀ꦧꦁꦱꦧꦁꦱ) utawi kasingkatPBB (basa Inggris:United Nations utawi kasingkatUN) punika satunggaling organisasi internasional ingkang anggotanipun méh sadayanagari ingdonya. Lembaga punika dumadi kanggé maringi fasilitas ing hukum internasional, pangamanan internasional, lembaga ékonomi, lan pangayoman sosial.
Kawit kaadegaken ing San Francisco tanggal24 Oktober1945 sakedhikipun 192 nagari dadosanggota PBB. Sedaya nagari ingkang kagabung ing wadhah PBB nelakaken independensinipun piyambak-piyambak, kejawiVatikan lanTakhta Suci sartaRépublik Cina (Taiwan) ingkang kagabung ing lebet wewengkonTiongkok taun1971.
Minangka panerus saking organisasiLiga bangsa-bangsa (1919–1946), ingkang Amérikah Sarékat boten ndhèrèk nggabung, PBB dipunadegaken ing taun 1945 kanggé njagi perdamaian internasional lan promosi kerjasama ngrampungi masalah ékonomi, sosial lan kamanungsan. Rencana kongkrit paling wiwitan bab organisasi donya énggal punika saking prakarsa Départemen luar nagari AS ing taun 1939.Franklin D. Roosevelt ingkang sepindhahan munculaken istilah 'United Nations' minangka istilah kanggé njlèntrèhaken nagari-nagari sekuthu salebeting Perang Donya II. Istilah punika kanthi resmi dipunanggé ing tanggal 1 Januari, 1942 nalika 26 pamaréntah napak-astani thePiagam Atlantik (Atlantic Charter), minangka janji badhé nerasaken upados perang.[1] Ing tanggal 25 April 1945, Konferensi bangsa-bangsa bab organisasi internasional dipunwiwiti ingSan Francisco, dipunrawuhi déning 50 wakil pamaréntah lan sawatawis organisasi non pamaréntah (NGO) kanggé nyusun rancanganPiagam PBB. PBB dipunanggep resmi madeg ing tanggal 24 Oktober 1945 nalika ratifikasi Piagam déning lima anggota tetep Dewan Kaamanan PBB—Prancis,Républik Rakyat Cina,Uni Soviet,Inggris lanAmérikah Sarékat—lan déning mayoritas 46 panapak-asta sanèsipun. Patemon sepindhahan Sidang Umum PBB, kanthi wakil saking 51 nagari, lan Dewan Kaamanan, dipunwontenaken ingWestminster Central Hall ingLondon ing wulan Januari 1946.[2]
Sekawan saking gangsal badan kasebat dumunung wonten ing Markas PBB ingNew York City. Mahkamah Internasional dumunung ingDen Haag, déné badan liyané manggon ing kantor PBB ingJenewa,Wina, lanNairobi. Institusi PBB sanèsipun sumebar ing saindhenging donya.
Basa resmi ing PBB wonten enem, ingkang dipunanggé wonten ing salebeting patemon antar pamaréntah lan dhokumèn, inggih punikaBasa Arab,Basa Cinten,Basa Inggris,Basa Prancis,Basa Rusia, lanBasa Spanyol,[4] sementawis Sekretariat nganggé kalih basa kerja, basa Inggris lan basa Prancis. Gangsal basa resmi kapilih nalika PBB dipunadegaken; basa Arab dipuntambahaken ing taun 1973. Pitedah èditorial PBB mratélakaken bilih standar basa Inggris ingkang dipunanggé wonten ing dhokumèn punika basa Inggris Britis kanthi éjaan Oxford (Oxford spelling) (en-gb-oed), lan standar tulisan Cinten ingkang dipunagem inggih punika aksara Cinten ingkang sampun dipunprasajakaken (simplified Chinese character). Aksara punika nggentos aksara Cinten tradhisional ing taun nalika wakil PBB saking Cinten dipungentos sakingRépublik Cina (Taiwan) dhumatengRRC.
Artikel utama kanggo bagian kiye yakuwe:Anggota PBB
Nagari anggota PBB
Cacahing nagari anggota PBB ing mangsa sapunika 192 nagari. Pirsani artikelAnggota PBB kanggé dhaftar lengkap sarta tanggal mlebetipun.Sapunika wonten 192anggota PBB, nyakup mèh sedanten nagari mardika ing donya. Saking kantoripun ingkang sumebar ing donya, PBB lan badan-badan mliginipun mutusaken masalah-masalah administratif lan substantif salebeting patemon rutin ingkang diunawontenaken taun lumampah. Organisasi punika dipunpérang dados badan administratif, mliginipun:Sidang umum (minangka sidang utami);Dewan Kaamanan (ingkang nemtokaken resolusi tinamtu tumrap perdamaian lan kaamanan);Dewan Ékonomi lan Sosial (mbiyantu promosi ékonomi internasional lan kerjasama lan pembangunan sosial);Sekretariat (nyadiakaken pasinaon, informasi, lan fasilitas ingkang dipunbetahaken déning PBB);Mahkamah Internasional (International Court of Justice) (minangka organ hukum). Badan tambahan ingkang ngurusi badan-badan ing salebeting sitem PBB, kadosWorld Health Organization (WHO),World Food Programme (WFP) lanUnited Nations Children's Fund (UNICEF). Organisasi punika mawa béya asal saking kontribusi sukarila nagara-nagara anggota, lan gadhah enem basa resmi:Arab,Cina,Inggris,Prancis,Rusia, lanSpanyol.[4]