Kerajaan Sunda dibangun PrabuTarusbawa sing asale sekangkerajaan Sunda Sambawa. Kerajaan Sunda Sambawa kiye ialah salah siji kerajaan bawahan Tarumanegara.
Prabu Tarusbawa olih tahta bar nggantekna mertuane ning merga pamor Tarumanagara dong jaman kuwe wis turun banget, dheweke kepengin banget mbalekna keharuman karajaan kaya dong jaman Purnawarman. Taun 670 M, Tarusbawa ngganti jenengkerajaaan Tarumanagara dadi Kerajaan Sunda. Kedaden kiye didadekna alesanWretikandayun nggo misahnakerajaan Galuh merdeka sekang kekuasaan Tarusbawa. Tambahan maning Wretikandayun ngerasa duwe kekuatan sebabputera mahkota kerajaan Galuh kawin karo Parwati, puteriMaharani Sima sekangKerajaan Kalingga,Jawa Tengah. Olih dukungan sekang kerajaan Kalingga, Wretikandayun nuntut maring Tarusbawa ben wilayah kerajaan Tarumanagara dipecah dadi loro. Merga posisine wis lemah tur kanggo ngindari perang saudara, Tarusbawa nerima tuntutan kerajaan Galuh. Taun 670 M wilayah Tarumanagara dipecah dadi loro: Kerajaan Sunda karo Kerajaan Galuh, batese ialah kali Citarum.
Maharaja Tarusbawa lantes mbangun ibukota anyar nang pedalaman pedhek hulu kali Cipakancilan. Tarusbawa nganggo gelar Tohaan, dheweke dadi raja Sunda pertama tai kotok lebuan.
Tarusbawa (no. 1), Banga (no. 4) - Darmeswara (no. 7) berkuasa mung nang wilayah kulon Citarum, raja-raja liyane berkuasa nang wilayah kulon (kerajaan Sunda) karo wilayah wetan (kerajaan Galuh).
| Artikel kiye, esihtulisan rintisan. Rika teyeng mbantu Wikipediangembangna artikele. |