Sekang Wikipedia, Ensiklopedia Bebas sing nganggo Basa Banyumasan: dhialek Banyumas, Purbalingga, Tegal lan Purwokerto.
Kalendher Gregorian kuwekalendher sing sekiye paling akeh dienggo nangDunia Barat. Kalendher Gregorian kiye modifikasi sekangkalendher Julian. Sing ngusulna yakuwe Dr. Aloysius Lilius sekangNapoli-Italia, lan disetujui nangPaus Gregorius XIII tanggal24 Februari1582. Kuwe sebabe kalendher kiye banjur dijenengi Gregorian. Penanggalan taun kalendher kiye adhedhasar taunMasehi. Kalendher kiye diciptakna jalaran kalendher Julian digagas kurang akurat, amarga wiwitanmusim semi (21 Maret) soyo maju dadi perayaanPaskah sing uwis disarujuki wiwitKonsili Nicea I taun325 ora tepat maning.
Sawijiningtaun nang kalendher Julian suwene 365dina 6jam. Tapi amargaBumi ngubengisrengenge suwene mung 365 dina 5 jam 48menit 46detik, mulane sabenmilenium, kalendher Julian kelewihan 7 nganti 8 dina (11 menit 14 detik pertaun). Masalah kiye dipecahna nganggo dinakabisat sing madan sejen nang kalendher anyar kiye. Nang kalendher Julian, saben taun sing teyeng dibagi karo 4 daditaun kabisat. Tapi nang kalendher Gregorian kiye, taun sing teyeng dibagi karo100 mung dianggep dadi taun kabisat nek taun kiye uga teyeng dibagi karo400. Misale taun1700,1800, lan1900 dudu taun kabisat. Tapi taun1600 lan2000 kuwe dadi taun kabisat.
Seuwise kalendher Gregorian dicanangna, ora kabeh negara gelem nganggo. Lagi pirang abad seuwise kiye, meh saben negara barat gelem nganggo. ContoneRusia sing tembe nganggo taun1918. Dadine RevolusiKomunis Rusia sing sekiye dipengeti saben tanggal7 November, diaraniRevolusi Oktober. GerejaOrtodoks nganti sekiye esih nganggokalendher Julian.