Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
Wikipedia
Goleti Tulisan

Jagung

Sekang Wikipedia, Ensiklopedia Bebas sing nganggo Basa Banyumasan: dhialek Banyumas, Purbalingga, Tegal lan Purwokerto.
?Jagung
Jagung
Jagung
Klasifikasi ilmiah
Kerajaan:Plantae
(tidak termasuk)Monocots
(tidak termasuk)Commelinids
Ordo:Poales
Famili:Poaceae
Genus:Zea
Spesies:Z. mays
Jeneng binomial
Zea mays ssp.mays
L.


Zea mays "fraise"
Zea mays "Oaxacan Green"
Zea mays 'Ottofile giallo Tortonese'

Jagung kuwe panganan dhasar sing wigati nomer loro sadonya seuwiségandum lan sedurungéberas. Nangtanah Jawa lan sakitaré utamanéwong Madura sing doyan mangan jagung.

Jagung teyeng thukul nang tlatah garing mulané disenengiwong Madura. Jagung sajatiné asalé sekang jagat bawanaAmerika. Para pakar ngira-ngira nek jagung wis ditandur manungsa kurang luwih 6.500 - 12.000 taun kapungkur.

Jagung teyeng digawe panganan werna-werna, kayatamarning,brondong, lanbakwan jagung. Angger digaweglepung jenengemaizena, kena kanggo nggawejenang,nyamikan,kue putri ayu lan liya-liyane.Godhong jagung teyeng kanggo pakansapi.

Jagung kalebu bahan pangan sing nandure gampang lan akeh manfaate. Mangsa ketiga utawarendheng teyeng nandur jagung. Yen ketiga kudu gelem nyirami.Rabuke cukuppupuk kandhang lanurea.

Barkas:Maize ear.jpg
Tanduran jagung.


Produksi jagung lan perdagangan donya

[sunting |besut sumber]

Propinsi sing ngasilna jagung nangIndonesia :Jawa Timur : 5 jt ton;Jawa Tengah : 3,3 jt ton;Lampung : 2 jt ton;Sulawesi Selatan: 1,3 jt ton;Sumatera Utara : 1,2 jt ton;Jawa Barat : 700 – 800 rb ton, liyane (NTT,NTB,Jambi lanGorontalo), rata-rata produksi jagung nasional 16 jt ton per taun[1]


Produsen jagung paling gedhe sekiye yakuweAmerika Serikat (38,85% sekang total produksidonya), ditutna nangChina 20,97%;Brazil 6,45%;Mexico 3,16%;India 2,34%;Afrika Selatan 1,61%;Ukraina 1,44% lanCanada 1,34%. Angger negara-negara Uni Eropa produksine 7,92% lan negara-negara liyane 14,34%. Total produksi jagung taun 2008/2009 yakuwe 791,3 juta MT.[2]

Referensi

[sunting |besut sumber]
  1. http://www.kontan.co.id/index.php/bisnis/news/37303/Produksi-Jagung-Nasional-Terganjal-Cuaca
  2. http://www.grains.org/corn

Pranala jaba

[sunting |besut sumber]
Search WikispeciesWikispecies duwe
informasi babagan


Cithakan:Bahan pangan

Ditampa sekang "https://map-bms.wikipedia.org/w/index.php?title=Jagung&oldid=216079"
Kategori:

[8]ページ先頭

©2009-2026 Movatter.jp