Kaca kiye isine artikel bab aksara
D nang alfabet Latin. Nggo panggangoan sejene, deleng
D (disambiguasi).
D kuwe aksara kaping papat nangalfabet Latin. Nang basa Indonesia disebutde (dewaca[ˈde]), angger nang basa Inggris lan Melayu disebutdee (dewaca[ˈdiː]). Nangbasa Latin lanbasa Indonesia, aksara kiye nglambangnafonem/d/,konsonan letuprongga-gigi bersuara.
Hieroglif Mesir "lawang" → | Proto-Semitik digg → | Fenisia daleth → | Yunani Kuno delta → | Yunani Modern delta → | Etruska D → | Latin Kuno D → | Latin Modern D |
|---|
|   |  |   |   |  |  |  |
AksaraSemitikDâlet berkembang sekanglogogram sing artine "iwak" utawa "lawang". Ana akehhieroglif Mesir sing dadi ilham nggo aksara kuwe. Nangbasa Semitik,Yunani Kuno, lanLatin, aksara kiye nglambangna konsonan/d/; nangaksara Etruska aksara kiye kaya-kayane ora diperlokna, ningen esih dilestarikna (deleng aksaraB). Aksara Yunani sing setara karo kiye yakuwe:Δ (gedhe) utawa δ (cilik) (Delta).
Bentukaksara cilik "d", sing degawe sekang siji lekukan lan siji garis vertikal sing dhuwur, berkembang sekang variasi owah-owahanne bentuk aksara gedhe "D". Nang penulisan dong jaman gemiyen kuwe umum angger molai lekukan nang sisi kiwe garis vertikal, dadine ngasilna suatuserif nang dhuwure lekukan kuwe. Serif kiye disambung dong bagiyan sejen aksara kiye dilong, ngasilna suatu tangkai bersudut dan lengkungan. Banjur tangkai bersudut kiye owah dadi tangkai vertikal.
Nang akeh basa sing nganggoalfabet Latin, aksarad nglambangna swara/d/, ningen nangalfabet bahasa Vietnam, aksara kiye dewaca/z/ nanglor lan/j/ (kaya "y" nang "ya") nangkidul.
Nangbasa Jerman, aksarad monine/d/ (konsonan letup rongga-gigi bersuara), ningen owah dadi/t/ (konsonan letup rongga-gigi tak bersuara) angger ana nang mburi tembung.
Nangbasa Fiji, aksara kiye nglambangna konsonan hambat pranasal/nd/.
Nang pirang-pirang basa sing konsonan hambat tak bersuaratanpa hembusan berlawanan karo konsonan hambat tak bersuara berhembusan,d nglambangna/t/ tanpa hembusan, sementarat uga monine/tʰ/ berhembusan. Conto-conto basa kuwe antaranebasa Islandia,basa Gaelik Scot,basa Navajo, lan alih aksarapinyin kanggobasa Mandarin.
Nangangka Romawi, D nduweni biji 500, asale sekang separoↀ (sing bijine 1000; ningen banjur,M sing dienggo dadi lambang 1000), mulane D dadi artine500 (angka) utawataun 500.
Representasi alternatif aksara D