Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Zeus

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Zeus (Yunani: Ζεύς) utawaDias (Δίας) yaiku raja saka para déwa ana ingmitologi Yunani.[1] IngTheogonia karyaHesiodos, Zeus ditepungi dadi bapak saka para déwa lanmanungsa.[1] Zeus manggon ingGunung Olimpus.[1] Zeus iku déwa langit lan bledhèg.[1] Simbol saka Zeus yaikubledhèg,garudha,banthèng, lan wit-witanek.[1] Zeus asring digambaraké déning seniman Yunani ana ing posisi ngadeg lan tangané nyekelbledhèg utawa manggon ana ing singgasanané.[1] Zeus uga ditepungi ingRomawi Kuna lanIndia kuna.[2] Ingbasa Latin Zeus duwé jenengIopiter lan ana ingbasa Sansekerta yaikuDyaus-pita.[2]

Zeus iku putra ragil utawané paling cilik sakaKronos lanRea.[2] Zeus rabi karo adhine wédokHera kang ditepungi dadi dèwi bebrayan.[2] Zeus misuwur amarga duwé gegandhèngan karo akèh wong wédok lan uga duwé putra kang akèh.[2] Putra saka Zeus yaikuAthena,Apollo danArtemis,Hermes,Ares,Hebe,Hefaistos,Persefon,Dionisos,Perseus,Herakles,Helene,Minos, lanMousai.[3]

Zeus mbagi donya iki dadi telu lan mbagèkaké donya-donya mau marang sadulur-seduluré yaikuPoseidon kang dadi déwa panguwasasagara, lanHades déwa kang nguwasanidonya ngisor (alam pati).[2] Pendhapat liya nyebutaké yèn pambagian mau dilakokaké dhedhasar undhian kang dilakokaké para déwa mau.[2] Zeus dikaitaké karo déwaJupiter sakamitologi Romawi, déwaAmun sakamitologi Mesir, déwaTinia sakamitologi Etruska, lan déwaIndra sakamitologi Hindhu.[2] Zeus, bareng karoDionisos, dihubungaké karo déwaSabazios sakaFrigia, kang ditepungi minangkaSabazius ingRomawi.[2]

Cathetan sikil

[besut |besut sumber]
  1. abcdefid.shvoong.com[pranala mati permanèn]
  2. abcdefghi"www.beritaunik.net". Diarsip sakasing asli ing 2011-03-24. Dibukak ing2011-06-06.
  3. Hamilton, Edith (1942).Mythology (édhisi ka-1998). New York: Back Bay Books. kc. 467.ISBN 978-0-316-34114-1.{{cite book}}:|access-date= requires|url= (pitulung);Check date values in:|accessdate= (pitulung)

Cithakan:Déwa Dewi Yunani


Artikel iki minangkaartikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédiangembangaké.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Zeus&oldid=1661066"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp