Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Yunani Kuna

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Parthenon, kuil dicepakaké kanggodewi Athena, papané ingAkropolis ingkutha Athena, yaiku lambang unggulé budaya lan peradaban Yunani kuna.
Wikibooks
Wikibooks
Wikibooks gadhah buku kanthi sesirah

Yunani Kuna yaiku kabudayan ing sajarahYunani kang diwiwiti saka periode Yunani Arkais ingabad 8 tekan 6 SM, tekan pungkasan Jaman Kuno lan wiwitanéAbad Pertengahan Awal. Peradaban iki tekan puncaké ing periodeYunani Klasik, kang wiwité tumuwuh ingabad 5 tekan 4 SM. Ing pèriode klasik iki Yunani dibawahi nagarakuthaAthena lan kasil mbendung serangan Kamaharajan Pèrsi. Mangsa jaya-jayané Athena wes mandek kanthi kalahé Athena karoSparta ing Perang Peloponnesostaun 404 SM. sakmlakuné kalahé déning Aleksander Agung, kabudayan Yunani, kang dikenal dadi peradaban Hellenistik, wes tumuwuh sakaAsia Tengah tekan ujung kulonSagara Tengah[1].

Istilah "Yunani Kuna" ditrepaké ing laladan kang nggunakakébasa Yunani ing Jaman Kuno. Wewengkoné ora mung kawates ingujung Yunani modèrn, nanging uga kalebu wewengkon liya kang dinggoni wong-wong Yunani, ing antaranéSiprus lanKapuloanAigea, pasisirAnatolia (wektu iku mauIonia),Sisilia lan pérangan kidulItalia dikenal dadi Yunani Besar, lan pemukiman Yunani liyané kang gedhé dhéwé sakdawané pasisirKolkhis,Illyria,Thrakia,Mesir, Kyrenaika, Galia kidul, Ujung Iberia etan lan etan lor, Iberia, lan Taurika[2].

Cathetan suku

[besut |besut sumber]
  1. Carol G. Thomas (1988).Paths from ancient Greece. BRILL. kc. 27–50.ISBN 9789004088467.{{cite book}}:Unknown parameter|dipununduh= ignored (pitulung)
  2. http://id.shvoong.com/internet-and-technologies/1824702-sejarah-yunani-kuno/Archived 2012-07-04 at theWayback Machine.(dipununduh tanggal 16 September 2012)


Artikel iki minangkaartikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédiangembangaké.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Yunani_Kuna&oldid=1661047"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp