YouTube iku sawijiningsitus webvideo sharing (silih ijol video) populèr kang diadegaké wulan Fèbruari2005 déning wong telu tilas karyawanPayPal: Chad Hurley, Steve Chen, lan Jawed Karim. Miturut prusahaan panelitèn Internet Hitwise, ing sasi Mèi 2006 YouTube duwé pangsa pasar kang gedhéné 43 persèn.[1] Para naraguna bisa ngamot, nonton, lan silih ijol klipvideo kanthi gratis. Lumrahé video-video ing YouTube iku wujud klipmusik (video klip),filem,TV, sarta video gawéan para naraguna dhéwe. Format kang dipigunakaké video-video ing YouTube ya iku.flv kang bisa diputer ingpanjelajah web kang duwépluginFlash Player.
Ing tanggal9 Oktober2006 diumumaké yèn YouTube wis dituku déningGoogle kanthi rega US$1,65 miliar.[2] Ig wiwitan sasiApril2008 sawataraISPIndonésia nutup aksès menyang sawatara situs web kalebu YouTube amarga ngamot filemFitna. Wiwitané pamblokiran wujud pemblokiran penuh marang kabèh situs web, nanging banjur diowahi dadi pamblokiran marangURL tinamtu kang ngamot video mau waé.