Yokohama (横浜市,Yokohama-shi?) punika kutha krajanPrefektur Kanagawa,Jepang. Kutha punika mapan wonten ing wewengkonKanto, PuloHonshu. Yokohama dinggèni 3,6 juta penduduk lan kalebet kutha paling ageng angka kalih ing Jepang bibarTokyo[1]. Kutha punika kalebet kutha pelabuhan ingkang makembang kanthi pesat sasampunipun Jepang tinarbuka sakingpulitik isolasi ing pungkasan abad kaping 19.Pelabuhan Yokohama kalebet pelabuhan utami wonten ing Jepang sareng kaliyan pelabuhan sanès ing kuthaKobe,Osaka,Nagoya,Hakata,Tokyo lanChiba.
Wewengkon ingkang sapunika dados kutha Yokohama wiwit mekar saking abad kaping 13 ing sedawaning iliningLèpèn Tsurumi lanLèpèn Kashio kalebet laladan tetanèn lan laladanpasisirLempongan Tokyo mekar dados désa warigaluh. Ing abad kaping 17 nalikaKeshogunan Edo ndadosakenEdo minangka kutha krajan Jepang, Yokohama dados kutha transit ing jalurTokaidō. Kala punika wonten griya-griya kanggé nyipeng ing papan mandeg ingkang dipunwastaniKanagawa-juku,Hodogaya-juku, lanTotsuka-juku. Papan kanggé mandeg ingkang paling ramé punika Kanagawa-juku amargi celak kaliyanPelabuhan Kanagawa.
Nama "Yokohama" minangka satunggaling kutha asalipun saking nama désa warigaluh kanthi nama désa Yokohama (Yokohama-mura) ingkang mapan wonten ingDistrik Kuraki,Provinsi Musashi[1]. Dumugi pungkasan jaman Edo, désa Yokohama punika désa alit ing sanginggilipundelta lèpèn, déné pendudukipun gadhah pakaryan minangka wong tani lan warigaluh. Duginipun KomodorMatthew Perry ing Jepang ngéwahi nasib désa alit Yokohama. Komodor Matthew Perry dugi ing sakiduling Yokohama sareng kaliyan armada kapal perangAmérika Sarékat lan nywun Jepang supados mbikak sapérangan pelabuhan kanggéperdagangan. Ing taun 1854, Komodor Matthew Perry ngginakakenPersetujuan Kanagawa kanggé meksa Jepang supados mbikak pelabuhan ingShimoda lanHakodate dhateng Amérika Sarékat sarta mungkasikebijakan tertutup Jepang ingkang sampun kalampahan 200 taun. Salajengipun dhedhasarTreaty of Amity and Commerce nalika taun 1858, Pelabuhan Yokohama dipunbikak kanggé kapal-kapal As. Wiwitanipun, kutha kanggé mandegi Kanagawa-juku (sapunika dipunsebatKanagawa-ku) badhé ndadosaken salah satunggaling pelabuhan kanggé kapal asing, nanging papan Kanagawa-juku dipunanggep pamaréntah boten celak sanget kaliyan jalur utamiTōkaidō ingkang stratègis. Kanggé gantosipun, manéka fasilitas pelabuhan dipunyasa ing désa Yokohama ingkang kala punika taksih wujud désa warigaluh ingkang sepi. Nalika tanggal 1Juli 1859, Pelabuhan Yokohama dipunresmekaken dados pelabuhan ingkang tinarbuka kanggéperdagangan kaliyan nagara Barat.
Yokohama mapan wonten ing sisihkilènLempongan Tokyo. Kirang langkung namung 30 km sakingTokyo lan dipunhubungaken kaliyan manéka jalursepur (kereta api), margi-margibébas hambatan, lan margi ingkang nglewati kuthaKawasaki.
Papan anggegana paling celak kaliyan kutha Yokohama ingPapan anggegana Haneda. Ing lawang sisihlèr Stasiun Yokohama wonten terminal bis papan anggeganaYCAT ingkang ngubungaken kutha Yokohama kaliyan Papan anggegana Haneda lanNarita.