Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Yohanes Calvin

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Artikel iki ditulis nganggobasa krama.
Jean Chauvin
Lair10 Juli1509
Noyon,Picardie,Karajan Prancis
Pati27 Mèi1564
Jenewa,Switserlan

John Calvin utawi saged dipunsebatYohanes Calvin (lair ingNoyon,Picardie,Karajan Prancis,10 Juli1509 – pati ingJenewa,Switserlan,27 Mèi1564 ing umur 54 taun) inggih punikatéologKristen saking Prancis ingkang misuwur ing wekdalRéformasi Protèstan.[1] Sapunika namanipun kawentar minangka tiyang ingkang wonten gayutanipun kaliyan sistemtéyologi Kristen ingkang dipunsebatCalvinisme (Kalvinisme).[1] Panjenenganipun miyos kanthi asmaJean Chauvin (utawiCauvin) ingNoyon,Picardie,Prancis, sakingGérard Cauvin lanJeanne Lefranc.[1]Basa Prancis punika dados basa ibunipun.Calvin asalipun saking vèrsiLatin namanipun,Calvinus.[1]

Biografi

[besut |besut sumber]

Nalika alit Yohanes Calvin asring dipungayutaken kaliyanCharles de Hangest, salah satunggal saking kalih welas bangsawan inggil ingPrancis (twelve Peers of France) ingkang mréntah ingNgoyon (panggènan Calvin dipunwiyosaken).[2]Calvin gadhah gayutan ingkang caket kaliyan anggota kulawarga Hangest.[2] Gayutan ingkang caket punika dados alesan Calvin gadhah tata krama kados dénéaristokrtat.[2]

Wonten ing yuswa 14 (sekawan welas) taun, Calvin dipunkuliahaken dhatengUniversitas Paris supados sinau babhumaniora lanhukum.[3] Calvin tindak dhateng Prancis kaliyan tiga nèm-nèman saking kulawarga Hengest. Taun1532, panjenenganipun dados Dhoktor Hukum ingOrléans. Karyanipun ingkang sepindhah inggih punika buku karyafilsufRomawi Seneca,De clementia, ingkang dipunkomentari kanthi manthes.[3]

Taun1536, panjenenganipun manggèn ingJenewa. Panjenenganipun dadospendhéta ingStrasbourg taun1538-1541, lajeng kondur malih dhatengJenewa. Panjenenganipun manggèn ingJenewa ngantos dumugi tilar donya ing taun1564.[3]

Cathetan sukuku

[besut |besut sumber]
  1. abcdYou are hereJohanes Calvin Johanes Calvin dipunundhuh tanggal 24 Juni 2011)
  2. abc[ Francois Wendel. 2010. Calvin: Asal-usul dan Perkembangan Pemikiran Religiusnya. Surabaya: Momentum 4-5]
  3. abc[ J. L. Ch. Abineno. 2006. Bucer & Calvin, Suatu Perbandingan Singkat. Jakarta: Gunung Mulia]

Pranala njawi

[besut |besut sumber]
Wikimedia Commons duwé médhia ngenaniJohn Calvin.


Tandha stubArtikel biografi iki minangkaartikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédiangembangaké.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Yohanes_Calvin&oldid=1559963"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp