Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Yama

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Bathara Yamadipati

Bathara Yama utawaYamadipati iku miturut kaparcayaneagamaHindhuDéwa kang njaganeraka. Yama iku siji paraga kang ana ing sadéngah kabudayan lan agama.

Ing Hindhu, Yama iku ginambaraké kanthi kulit ijo lan abang. Klambiné abang lan numpak kebo. Ing Carita Hindhu, Yama iku putraBathara Surya, déwa srengéngé. Dhèwèké nduwé sadulur kembar, ya iku Yami (utama Yamuna). IngWedha, pasangan iki manungsa kang sepisanan urip.

Ing caritaTibet, Yami iku kang dadi dèwi tukang njabut nyawa, déné Yama iku kang dadi raja ing donya peteng. Paraga Yama iki ana uga ing mitologiCina lanBuda, kang ora béda akèh marang carita asalé, ya iku Hindhu.

Jeneng Yamadipati mung ana ingpewayangan. Ing kéné, Yamadipati iku putra nomer woluSanghyang Ismaya lanDewi Sanggani. Yamadipati nduwé garwa Dewi Mumpuni.

Sejatiné, Dèwi Mumpuni iku ora tresna marang Yamadipati. Jejodhoan iki kelakon amarga Mumpuni manut waé marangSanghyang Manikmaya.

Sawijining dina, Dèwi Mumpuni kepranan marangNagatatmala, putraHyang Anantaboga. Pungkasané, Dèwi Mumpuni lumayu saka Yamadipati lan urip bareng Nagatatmala.

Yamadipati kondhang amarga tukang njabut nyawa ing pewayangan, kaya déné ing caritaHindhu.

Wikimedia Commons duwé médhia ngenaniYama.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Yama&oldid=1624246"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp