Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Wulu (aksara Jawa)

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih sakaWulu (Hanacaraka))
Sandhangan wulu
Sandhangan swara

Wulu iku sawjining sandhangan swara sajeroning aksara JawaHanacaraka lan uga ingAksara Bali, sing ngowahi swara saka foném /a/ ing aksara nglegena dadi swara /i/. Sandhangan swara wulu iki dunungé ing sadhuwuring aksara. Pocapan aksara nglegena sing dipasangi sandhangan iki banjur owah, tuladha aksara nglegena 'ga' sing dipasangi sandhangan wulu dipocapaké 'gi'.

Sandhangan wulu iki uga bisa dikombinasi karo sandhangan panyigeg kaya dénécecak lanlayar sahéngga uniné banjur owah dadi "ing" lan "ir". Tuladha panulisan tembung "singkir" sing migunakaké sandhangan campuran wulu lan cecak sarta wulu lan layar:

Sajeroning standar Unicode versi 5.2 kodhe sandhangan wulu iki wujud kodhe A9B6[1]

Wangun

[besut |besut sumber]

Wangun lan fungsi tandha wulu sajeroning aksara Jawa mrebawani marang tandha ulu ing aksara Bali. Prabédan mung dumunung ing variasi cara panulisan.

Aksara JawaAksara Bali
WuluWulu melikUluUlu sari

Fungsi lan panggunaan

[besut |besut sumber]

Aksara Jawa lanBali wujud aksaraabugida, yakuwi saben aksarakonsonan ngandhutvokal /a/ lan mbutuhaké tandha vokalisasi kanggo ngowahi vokal mau. Wulu utawa ulu ngganti vokal /a/ dadi vokal /i/ ing aksara sing dipasangi. Wulu utawa ulu ditulis ing sadhuwuring aksara sing dipasangi, lan bisa ditulis bebarengan karo tandhasandhangan/pangangge liyané sing kudu ditulis sadhuwuring aksara, contonélayar/surang lancecak/cecek.

Uga delengen

[besut |besut sumber]

Rujukan

[besut |besut sumber]
  1. Kodhe Unicode kanggo aksara Jawa

Pranala njaba

[besut |besut sumber]
Aksara murda
(Aksara kapital)
Aksara swara
(Aksara vokal)
Aksara rekan
(Aksara tambahan)
Aksara gantèn
(Aksara pengganti)
Sandhangan (Tandha diakritik)
Sandhangan swara
Sandhangan panyigeg
Aksara mandraswara
Pada (Tandha wacan)
Angka


Artikel iki minangkaartikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédiangembangaké.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Wulu_(aksara_Jawa)&oldid=1461303"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp