Wuku iku arane unit wektu kang ditata saka 30peken. Sa-peken utawa minggu katata saka 7dina. Dadi setaun wuku katata saka 210dina. Pangitungan nganggo wuku utawa diaranipawukon digunakaké ingBali lanJawa.
Sajane ide dhasar saka pangitungan miturut wuku iki yaiku patemonane rong dina ing sistempancawara(pasar) lansaptawara(peken) kang dadi siji. Sistem pancawara utawa pasaran katata saka limang dina, lha banjur sistem saptawara tembung saka pitung dina.
Ing sawuku, patemonane antara dina pasaran lan dina peken wis mesthi. Conthone dina Setu-Pon ana ing wukuWugu. Miturut kaparcayan tradhisional wong Bali lan Jawa, kabèh dina-dina iki nduwé arti dhéwé-dhéwé.
Perabot Wuku kang kagolong Penanggalan iku perabot Wuku kang lumaku miturut tanggal, yaiku:dina,pasaran, padéwan, paringkelan lan padangon.
Padewan, yaiku perabot Wuku kang dumadi saka wolung rupa, gunané kanggo meruhi watek manungsa lan kaperluan liyané. Padéwan iku duwé nomer urut kang ora kena diowahi. Cara ngitungé diwiwiti saka urutan pisanan 'Bethari Sri' ing dina Ahad PaingWuku Sinta nganti entèk nembé bali manèh saka wiwitan. Perlu diélingi yaiku nalikaWuku Galungan,Bathara Kala wiwit dina Senèn Pon, Selasa Wagé kanthi terus terusan sajeroning 3 dina, nembé gentiBathari Uma ing dina Rebo Kliwon. Katelu dina mau dijenengaké Dungulan utawa Dendan Kukudan. Urutan lan watek sarta mupangaté kaya pratélan ing ngisor:
Bathara Indra, wateké: teliti nanging angkuh, mupangaté: wiwit ajar kabèhèlmu.
Bathara Guru, wateké: mènèhi pacoban lan ganjaran, nanging "lelemeran", mupangaté: masang tumbal.
Bathara Yamadipati, wateké: pangertèn nanging kesèd, mupangaté: miwiti usaha dagang.
Bathara Rudra, wateké: berbudi lan bojakrama (loma bab panganan), mupangaté nderes, gawésumur, wangan.
Bathara Brama, wateké: nrangasan lan ora srantan, mupangaté: miwiti babadalas lansawah tegalan.
Bathara Kala, wateké: èlèk budiné, serakah, seneng ngapusi. mupangaté: gawé paugeran aturan lsp.
Bathari Uma, wateké: welas nanging jail, mupangaté: gawé pager lan wates.
Paringkelan, asal saka ringkel kang tegesé apes. Paringkelan ana enem yaiku: Tungle, Aryang, Wurukung, Paningron, Uwas, lan Mawulu.
Tunglé: tegesé apesé inggodhong, wateké: sanggup nanging ora diayahi, mupangat:gawé isin, larangan: aja nandur kang dijupuk godhongé kayatembako,suruh,janganan lsp.
Aryang: tegesé apesé ingmanungsa, wateké:kerep lali, mupangat: gawé sabangsa racun, warangan lsp, larangan: mantu, ngadegakéomah, pindhah omah, miwiti nandur.
Wurukung: tegesé apesé ingkéwan, wateké: léna, mupangat: kanggo ajag, larangan: negoralas.
Paningron: tegesé apesé ingmanuk, wateké: takabur, mupangat: mikat uatawa luru manuk, larangan: gawé kurungan.
Uwas: tegesé apesé ingiwak loh, wateké: mélikan, mupangat: gawé piranti golèk iwak kayajala, jaring, pancing lsp.
Mawulu: tegesé apesé ingwiji, wateké: kerep lara, mupangat: miwiti ngolah sawah, larangan: miwiti nandur winih.
Padangon, yaiku perabot Wuku kang dumadi saka sangang rupa kanggo meruhi watekmanungsa lan kaperluan liyané.[2]
Paarasan, ana 10 warna miturut gunggungneptu dina lan pasarané. Cara ngétung: digunggung neptu dina lan pasaran dina kelairané banjur dipara sepuluh lan sisané nuduhaké wateké wong mau. Yèn gunggung neptu 10 utawa kurang saka sepuluh, wateké bisa dideleng saka angka gunggung neptu mau. Urutan Paarasan lan wateké:
Aras Tuding lakuning sétan, wateké antarané wanthèn, kerep kaanggo gawéné nanging seneng mélik (calimut).
Aras Kembang lakuné jejodhon, wateké antarané ora diéman nanging gampang olèh rasa asih saka wong liya sarta gampang mikir lan nyambut gawé.
LakunéLintang, wateké antarané meneng, andhap asor, sabar betah melèk, bisa dagang lan kawruh basa, nanging yèn duwé karep ora bisa dialang-alangi lan kerep pindhah omah.
LakunéRembulan, wateké antarané pinter samubarang gawéan, wawasan jembar, rikat mukti nanging ora bisa sugih amarga sungkanan.
LakunéSrengéngé, wateké antarané manis wicara, pangertèn, sok dialem, nanging yèn tukaran tansah kalah.
LakunéBanyu, wateké antarané teguh budiné, sregeb, ramah kerep dadi pamimpin.
LakunéBumi, wateké antarané meneng, gampang nesu, ora duwé kanca lan bodho atiné welas asih.
LakunéGeni, wateké antarané gampang nesu, dhengki.
Aras Peksi LakunéAngin, wateké antarané meneng, seneng dialem.
Aras Pepet Lakuné Pandhita Sekti, wateké antarané meneng, landhep pikiré.
Pancasuda, ana 7 warna miturut gunggungneptu dina lan pasarané. Cara ngétung: digunggung neptudina lanpasaran dina kelairané banjur dipara pitu lan sisané nuduhaké wateké wong mau. Yèn gunggung neptu 7 utawa kurang saka pitu, wateké bisa dideleng saka angka gunggung neptu mau.
WasésaSagara: wateké agung budiné, gampang mènèhi ngapura, bisa nampa omongan apik lan èlèk sarta gedhé wibawané.
Tunggak Semi: wateké Ora pedhot rejekiné.
Satriya Wibawa: wateké tansah olèh kawibawan lan drajad.
Sumur Sinaba: wateké dadi panggonan ngangsu kawruh.
Satriya Wirang: wateké kerep nanggung isin lan kena alangan.
Bumi Kapetak: wateké atiné resik kudu sregeb nyambut gawé lan tirakat.
Lebu katiup angin: wateké mlaratan, ora krasanan kerep pindhah, kerep ora kasembadan rencanané lan kerep ngalamun.
Tabel neptu Pancasuda:
Tabel Neptu Pancasuda
Dina
Neptu
Pasaran
Neptu
Ngaat / Minggu
6
Kliwon
8
Senèn
4
Legi
5
Selasa
3
Paing
9
Rebo
6
Pon
7
Kemis
5
Wage
4
Jemuwah
7
Setu
8
Kamarokan, ana 6 warna miturut neptu dina lan pasarané. Cara ngétung: digunggung neptudina lanpasaran dina kelairané banjur dipara enem lan sisané nuduhaké wateké wong mau. Yèn gunggung neptu 6 utawa kurang sakaenem, wateké bisa dideleng saka angka gunggung neptu mau.
Sing asal saka pawukon antarané: Taliwangké, Sampar wangké, Dungulan, Kala Dité, Kala mendhem, Anggara kasih, Bulan sunya, Tangisé Dewi Sinta, Jabung kala Wuku, Jaya bumi, Sarik agung lsp.
Sing ora asal saka pawukon antarané: Bangas, Rebo wekasan, Dina tanpa tanggal lsp.
Wariga Gemet iku kasimpulan ala becikíng siji-sijiníng dina ing saubengan wuku. Cacahé ana 210dina. Saben siji-sijiníng dina ing sajeroning saubengan wuku duwé watak ala utawa becík (rahayu). Carané nemtokaké ala beciking dina nganggo nggabungaké kabèh watak-wataké prabot Pawukon lan Wetonan. Manawa bakal kanggo ngadani pakaryan gedhé kaya déné duwé gawé lan sapanunggalané perlu digatèkaké sirikan-sirikan mau ing ngisor iki
Dina pananggalan: Dinå pétungan 7 (Saptawara), kabèh dianggep becik ora ana síng disirík. Dina Pasaran (Pancawara), kabèh ora ana síng disirík. Dina Paringkêlan (Sadwara), síng disirík siji paringkelan yaiku: Aryang.
Dina kang dudu pananggalan: Dina Padéwan (Astawara), síng disirík siji: padéwanKala. Dina Padangon (Sangawara), síng disirík siji: padangon Wurung.
Praboté Pawukon Bincilan (pétung neptu):Pancasudå, ana 7 warna, kang disirík 3, yaiku: Satriyå Wirang, Bumi Kapetak, lan Lebu Katiyúb Angín. Rakam (kamarokan), ana 6 warna, kang disirík 3, yaiku: Kala Tinantang, Demang Kandhuruwan, lan Nuju Pati. Paarasan, ana 10 warna, síng disirík 2, yaiku Aras Tudíng lan Aras Pepet.
Praboté Pawukon Leluri: Tali Wangké, ana 6 disirík kabèh.Sampar Wangké, ana 5 disirík kabèh. Sarik Agung, ana 4 disirík kabèh. Kala Dhité, ana 3 disirík kabèh. Dhendhan Kukudan, ana 3 urut-urutan disirík kabèh. Séngkan Turunan, ana 10 síng disirík 5, yaiku: Asu Ajag Tumurun, Sapi Gumarang Tumurun, Cèlèng Demalung Tumurun, Kuthilapas Sumengka, lan Srigati Sumengka.
Wariga Gemet lumrahé isíh diganepi nganggo waton-waton liyané nalikané golèk dina becik kanggo sawijiníng kaperluwan. Jalaran manut panemuné wong Jawa pancèn ana waton-waton síng kudu dienggoni tumrapíngsasi,tanggal, landina.Sasi:
Siji-sijiníng sasi iku ana kang dianggep becík kanggo keperluwan.
Siji-sijiníng sasi ana dina kang diarani “sangar” lan “larangan” kang perlu disirík.
Sasi kang ora ana dinané Anggara Kasíh (SelasaKliwon) beciké disirík.
Tanggal:
Ana tanggal saben sadhéngah sasi síng dianggep ala kanggo kaperluwan.
Ana tanggal naas lan bangas síng perlu disirík.
Dina:
Dina lan pasaran síng padha karo dina lan pasaran wiwitaning taun beciké disirík.
Dina lan pasaran síng padha karo dina lan pasaran pungkasaníng taun beciké disirík.
Dina lan pasaran kang padha karo dina lan pasaran tanggal 3Sura beciké disirík.
Cathetan: Panampané saben wong marang anané Wariga Gemet kang nengeri dina ala lan becík ora padha. Bisa percaya bisa ora. Ana síng nganggep kabèh dina becík ora perlu wedi manawa arep nindakaké apa waé.