Wong Jawa (Jawa ngoko:wong Jawa/ꦮꦺꦴꦁꦗꦮ, krama:tiyang Jawi/ꦠꦶꦪꦁꦗꦮꦶ) iku bebrayan utawa golonganètnis kang asalé sakaPulo Jawa pérangan tengah lan wétan. Nanging ing abad kaping 21 wong Jawa wis sumebar ing saindhenging Nuswantara lan sajabané. Cacahé manawa watara 90 yuta. Asalé sakaPulo Jawa lan mligi ingProvinsi Jawa Tengah lanJawa Wétan. Nanging ing provinsiJawa Kulon uga akèh tinemu Wong Jawa, mligi ing Kabupatèn Indramayu lanCirebon kang mayoritas masarakaté minangka wong-wong Jawa kang migunakaké basa lan budaya Jawa, lan ingBanten lan uga ingJakarta akèh sumebar wong Jawa. Saliyané wong Jawa baku, ana uga subsukuUsing lanTengger.
Wong Jawa sapérangan gedhé migunakakébasa Jawa kanggo wicara sadina-dina. Sajeroning sawijining polling kang dianakakékalawarta Tempo ing wiwitandasawarsa 1990-an, kurang luwih mung 12% wong Jawa kang migunakakébasa Indonésia kanggo sadina-dina, watara 18% migunakaké basa Jawa lan Indonésia kanthi campur lan saluwihé nganggo basa Jawa.
Basa Jawa duwé aturan kang mbédakaké cara migunakaké tetembungan miturut tataran dhedhasar gegayutan antara pawicara lan sapa kang diajak wicara. Aturan iki kaloka minangka undha-usuk basa. Aspèk bebasan iki duwé prabawa sosial kang kuwat sajeroning budaya Jawa, lan anané kasadaran bab status sosial ing masarakat.
Abdul Malik Fadjar, Anggota Dewan Pertimbangan Presiden (2014-2019), Mantri Kordinator Bidang Kesejahteraan Rakyat Indonesia, Mantri Pendidikan Nasional ke 24, Mantri Agama Indonesia ke 17
Hamengkubuwono IX,Wakil Presiden Republik Indonesia ke 2, Mantri Kordinator Ekonomi, Keuangan, dan Industri Indonesia ke 1, Ketua Kwatir Nasional ke 1, Wakil Mahamantri Indonesia ke 5, Mantri Pertahanan Indonesia ke 3, Gubernur Daerah Istimewa Yogyakarta ke 1, RajaKesultanan Yogyakarta
Ahmad Dahlan, Ulama (Kyai) lan pendiri organisasi Muhammadiyah.
Saifullah Yusuf, Wakil Gubernur Jawa Timur, mantan Mantri Nagara Percepatan Pangyasa Laladan Tertinggal.