Wirataparwa utawi langkung leresWirathaparwa (Sansekreta:Viraṭaparva) nyariyoskaen kisah paraPandhawa nalika kedah ndelik laminipun satunggal taun sasampunipun dipunbucal rolas taun ing wana utawi alas. Cariyos pambucalan punika wonten ingWanaparwa.
Nihan ta paraPandhawa ndhelik ing praja Wirata. Anging manawi dipunkonangi, kedah dipunbucal rolas taun malih. Wonten mriku sangYudisthira nyamar mindha dados tiyangbrahmana anami Kangka. SangWrekodara mindha dados satunggiling juru masak kaliyan juru gulat anami Balawa. Lajeng sangArjuna mindha dados tiyangwandhu ingkang ngajar jogèd saha nyanyi. SangNakula dados laré angon kapal (jaran) kaliyan sangSadewa dados laré angon lembu. Lajeng DèwiDropadi dados juru rias ing kedhaton anami Sairindi.
Ndan sangpatih Wiratha, sang Kicaka kasmaran kasengseng ing Sairindi, piyambakipun kersa ngepèk dados sèmahipun. Anging dipuntampik, tetep meksa. Mila sang Balawa mejahi piyambakipun. Prakawis punika mèh kémawon mbongkar samaranipun sadaya.
Lajeng praja Wiratha dipunbedhah déning para musuh Pandhawa, inggih punika paraKorawa sakingNgastina. Para Pandhawa lajeng perang sami nglawan, mbéla Wiratha. Sasampunipun perang bibar, sadaya sami konangan kedhokipun. Anging amargi sampun ndelik satunggal taun dados boten punapa-punapa.
![]() | |
Daftar Kitab: |Adiparwa |Sabhaparwa |Wanaparwa |Wirataparwa |Udyogaparwa |Bhismaparwa |Dronaparwa |Karnaparwa |Salyaparwa |Sauptikaparwa |Striparwa |Santiparwa |Anusasanaparwa |Aswamedikaparwa |Asramawasikaparwa |Mosalaparwa |Prasthanikaparwa |Swargarohanaparwa | |