Winona Ryder jeneng lairéWinona Laura Horowitz lair29 Oktober1971; umur 53 taun dhèwèké ikuaktris sakaAmérikah Sarékat unggulanAcademy Award, dhèwèké tenar ningfilemHeathers,Girl, Interrupted,Little Women, lanEdward Scissorhands, Dhèwèké kondhang dadi aktris sakaAmérikah Sarékat kang tau lumebu ning nominasi-nominasi kang ana ning Academy Award.[1]Winona Ryder misuwur amarga peran-perané ning serial-serial Televisi lanfilem layar lebar.[1]Ning filemé, kaya ta HEATHERS, kang dipeter nalika taun1989,ning taun1988 dhèwèké main ning filem BEETLEJUICE, taun1990 filem EDWARD SCISSORHANDS,BRAM STOKER'S DRACULA, ning taun1992,taun1993 main ning filem THE AGE OF INNOCENCE, LITTLE WOMEN nalika taun1994, GIRL karo filem INTERRUPTED ning taun1999,REALITY BITES ning taun1994 lan LOST SOULS ning taun2000.[1]
Taun1993, Amarga perané nalika dadi May Welland ning filem THE AGE OF INNOCENCE lan peranné nalika dadiJosephine March ning filem LITTLE WOMEN, nalika taun1994, dhèwèké wiwit dilirik ning dunya perfilemandhèwèké lumebu nominasi-nominasi ning ajang bergengsi.[1]Kaya ta nominasi dadi aktris pendukung paling apik lan aktris paling apik.[1]Ora namung iku, panghargaan liyané uga kerep dicekel déning Winona Ryder.[1]Salah sijiné panghargaan saka Golden Globe Awards lan BAFTA Awards.[1]
Winona dhéwé tau njalin gayutan karoaktorJohnny Depp nganti patang taun suwené.[1]KaroSoul Asylum David Pirner, nganti telung taun suwené, lanMatt Damon kang suwené uga telung taunan.[1]Sasuwené njalin kisah asmara karo Johnny Deep, Jhonny tau annggawe tato kang katulis 'Winona Forever' sawisé gayutan sakloron mandhek.[1]
Miturut sumber kang ana, Winona tau dikaitaké karo para selebritis, kaya taDaniel Day- Lewis,David Duchovny,Val Kilmer,Chris Noth,Jimmy Fallon, lanChristian Slater, ugamusisiConor Oberst (Bright Eyes),Ryan Adams,Evan Dando (the Lemonheads),Adam Duritz (Counting Crows),Franz Hemingbeck,Dave Grohl (Nirvana, The Foo Fighters),Page Hamilton (Helmet),Beck Hansen,Jay Kay,Rhett Miller,Pete Yorn lanJohn S. Brinkflake.[1]
Babagan ngèlmu teknologi, Winona Ryder ngaku manawa dhèwèké ora wani anggoné mèlu-mèlu kaya artis-artis liyané kang ora katinggalan jaman.[2]Dhèwèké wegah anggoné kalibat masalah gedhé amarga tèknologi modhèren iki.[2]Winona Ryder wedi manawa dhèwèké salah lan dituding dadianggotaAl Qaeda.[2]
Panghargaan lan nominasi déning Winona Ryder: