Windows XP ya iku jajaransistem operasi kang duwé basis grafis kang digawé déningMicrosoft kanggo digunakaké ana ingkomputer pribadi, kang nyakup komputer omah landesktop bisnis,laptop, lan uga punjer médhia (Media Center).[1] Jeneng "XP" ya iku singkatan saka "Experience".[1] Windows XP minangka panerus sakaWindows 2000 Professional lanWindows Me, lan dadi vèrsi sistem operasi Windows pisanan kang orièntasiné konsumèn kang digawé ana ing ndhuwurékernel lan arsitèkturWindows NT.[2]
Windows XP pisanan dirilis nalika tanggal25 Oktober2001, punjul 400 yuta salinan instalasi digunakaké nalika sasiJanuari2006, miturut prakiran sawijining analisis IDC.[1] Windows XP digantèkaké déningWindows Vista, kang dirilis kanggo naragunavolume license nalika8 November2006, lan ana ing donya kanggomasarakat umum nalika tanggal30 Januari2007.[2] AkèhOriginal Equipment Manufacturer (OEM) lan uga bakul ritèl nganti prodhuksi piranti mawa Windows XP nalika tanggal30 Juni2008.[2] Microsoft dhéwé terus ngedol Windows XP kanthiCustom-built PC (OEM cilik kang ngadol komputer rakitan) nganti tekan31 Januari2009.[2] Windows XP tetep ana kanggo naraguna korporasi kanthivolume licensing, dadi saranadowngrade kanggo komputer-komputer kang durung siyap nglakokaké sistem operasi anyar,Windows Vista Business Edition utawaUltimate Edition utawaWindows 7 Professional.[2]