Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Wikisastra

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih sakaWiktionary)
Wiktionary
Logo Wiktionary basa Inggris lan Jawa
Pakeliran 
Pendhapaning Wiktionary basa Inggris kala 14 Januari 2019
Jinising situs
Bausastraonline
Ana ing basaManéka basa
Kang duwéYeyasan Wikimedia
Digawé déningJimmy Wales lan paguyubanWikimedia
Situs jaringanwiktionary.org
DagangOra
RègistrasiManasuka
KababarDhésèmber 12, 2002; 22 taun kapungkur (2002-12-12)
Setatus saikiAktif

Wiktionary, utawa—ing édhisi basa Jawa—Wikisastra iku proyèk kerabatéWikipédia sing ditujoaké minangkabausastrawiki mardika (kalebutèsaurus lanleksikon) ing kabèhbasa. Wiktionary ing édhisibasa Inggris (en.wiktionary.org) dibukak sepisanan tanggal12 Dhésèmber2002 minangka tindak lanjut proposal Daniel Alston. Tanggal29 Maret2004, Wiktionary ing édhisi basa liyané, yaikuPrancis lanPolen, wiwit dibukak. Wiwit wektu iku, Wiktionary ing édhisi basa liyané uga wiwit dibukak. Awalé, Wiktionary nginduk ingURL sauntara nganti akhiré tanggal1 Mèi2004 dipindhah menyangwww.wiktionary.org.

Wiktionary dicawisaké kanggo

  • njelasaké surasaningtembung, istilah, lan cekakan
  • tesaurus kanthi cara nunjukakésinonim
  • mertalaké tembung-tembung saka sawijining basa nuju basa liyané.

Ora kaya bausastra lumrahé sing monolingual/ekabasa utawa bilingual/dwibasa, Wiktionary wujud bausastra multilingual/multibasa lan internasional, sing tegesé duwé tujuan kanggo nyakup saben tembung saka kabèh basa sing dimangertèni lan nglakokaké ing manéka warna basa. Minangka conto, Wiktionary édhisi basa Inggris ngandhung entri/lema saka manéka warna basa, namung ditulis ing basa Inggris. Wiktionary édhisi basa Jawa uga bisa duwé artikel-artikel sing padha karo édhisi basa Inggris, nanging artikelé ditulis ing basa Jawa.

Bédané antarané Wiktionary lan Wikipédia iku akèhé entriné diwiwiti kanthi huruf cilik. Minangka conto, entri kanthi huruf ciliki lan kapitalI béda.

Wikisastra

[besut |besut sumber]

Ing kaca iki panjenengan bisa nggolèki arti tembung sawijininglemma utawaentri ingbasa Jawa. Manawa panjenengan péngin nyumbang entri, mila bakal banget diregani. Ing ngisor iki sabagéan saka pratélan tetembungan ingbasa Jawa miturutsusunanabjad:-

Perlu ditekanaké ing kéné manawatembung-tembung sing diamot ing njero pratélan tembung iki yaiku tembung-tembung sakakosakatabasa Jawa. Dadi disuwun, jeneng-jeneng tokoh, nagara lan bab-bab liyané aja dilebokaké ing kéné.

Pratélan tembung iki diamot kanggo artikel-artikel sing ora duwé kaca penghubung supaya aja dadi artikel yatim.

Perlu uga ditekanaké ing kéné supaya aja asal njupuk hak karya wong liya sing kareksa ing sangisoréUndang-Undanghak cipta. Tulung supaya mènèhi sumberinformasi manawa mungelaké!

Pirsanana uga

[besut |besut sumber]

Pranala njaba

[besut |besut sumber]
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Wikisastra&oldid=1638190"
Kategori:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp