
Kuburan kéwan ya kuwi kuburan kanggo kéwan. Senadyan pamumulé lan ngubur kéwan klangenan wis dipraktèkaké wiwit jaman kuna, kuburan sing kusus kanggo kéwan ora lumrah nganti pungkasan abad kaping-19. Akèh kabudayan manungsa ngubur jisiming kéwan. Contoné wong Mesir Kuna mumifikasi lan ngubur kucing, sing dianggep déwata; salah sijiné kuburan kéwan lawas dhéwé iku kuburan kéwan Berenice, sing mliginé dienggo ngubur kucing, lan ditemokaké nalika èkskavasi plabuhan Berenice Troglodytica ing taun 2011 lan dienggo antara abad kapisan lan kapindho Masèhi. Para arkéolog nemokaké menawa asu dikubur ing sandhingé manungsa ing Sibéria nganti sakiwa tengené 8.000 taun kapungkur. Kuburan asu Ashkelon, iku kuburan kéwan klangenan sing dikawruhi lan gedhé dhéwé. Kuburan iki ditemokaké ing Taman Nasional Ashkelon, Ashkelon, Israèl.
Maca sabanjuré ...| Wikisastra Bausastra lan dasanama | Wikisumber Kapustakan | Méta-Wiki Parepatan proyèk Wikimédia | |||
| Wikilayang Layang pasinaon | Wikidata Gudhangdata | MédiaWiki Yasa piranti alus wiki | |||
| Wikipethikan Klumpukan pethikan | Wikifungsi Katalog fungsi komputer | Wikispésies Pratélan spésies | |||
| Wikipawiyatan Bakal lan kagiyatan pasinaon | Wikilelana Panuntun lelana | Commons Gudhangmultimedia |