Kaca iki minangkapaugeran ingWikipediabasa Jawa. Isiné wis ditampa déning para panganggo lan dianggep minangka standar sing kudu dianut déning kabèh panganggo. Sadurungé nyunting kaca iki, pesthèkaké suntingan panjenengan nggambarakékonsènsus. Pigunaknakaca dhiskusi kanggo ngusulaké owah-owahan.
Pamblokiran iku sawijining istilah teknis nalika sawijining akun, sawijining alamat/blok alamat IP, utawa sawenèh wong ingcegah ngayahi panyuntingan Wikipedia. Tumrapsysop lan birokrat, sawetara kawenangan tambahan uga bisa kapengaruh déning pamblokiran.
Pamblokiran kerep ingpigunakaké kanggo nangani vandalisme. Ana sawetara situasi liya ing ngening pamblokiran patut dilakoni, sing bakal dijelasaké ing ngisor. Jroning kabèh kasus, pamblokiran sipaté luwih nyegah lan ora ngukum, lan mung diayahi kanggo ngindhari kerusakan Wikipedia. Blokir umumé efektif sajroning 24 jam, kajaba kanggo sawetara kasus sing uga bakal dijelasaké ing ngisor, lan biasané bakal dibusak yèn kontributor kasebut setuju kanggo ngendhegaké tindakan sing ngrusak.
Kabèh naraguna bisa ngirim panyuwunan pamblokiran liwatWarung Kopi. Tindakan sigra bakal diayahi yèn bukti-bukti pelanggaran kawicaksanan bisa diwènèhaké; nanging, panata ora kudu mblokir.
Yèn sawijining naraguna diblokir, ing kaca dhiskusiné bakal dipasang pesen kaya iki :
[[File:|40px|Notice|alt=]]
{{{1}}}
Yèn sawijining naraguna diblokir, dhèwèké ora bakal bisa gawé akun anyar utawa nyunting kaca, sajroning mangsa diblok (bab iki ora lumaku tumrap sing diblok salawasé).
Yèn pamjenengan ora sengaja ka-blok lan yèn panjenengan ora nglakoni tindakan sing dilarang, omonga marang para panata supaya mbatalaké pamblokiran, liwat dhiskusi naraguna panjenengan. Sebab, kaca iki sing mung bisa disunting jroning mangsa pamblokiran.
Saben wong mlebu Wikipedia minangka wong anyar. Amarga saka kuwi kitangupaya sabar, lannganggep yèn umumé wong kepingin ngembangaké proyèk iki, ora kepingin ngrusak. Kita uga nyuwun para naraguna anyar nyinaoniKawicaksanan lan paugeran supaya bisa ngéndhani kasalahan.
Amarga saka kuwi, sadurungé mblokir, kudu diupayakaké supaya naraguna kasebut diwènèhi weruh ngenani kawicaksanan lan paugeran kita, lan diwènèhi pènget ngenani perilaku sing nglanggar kawicaksanan kasebut. Pènget dudu sarat kanggo pamblokiran (utamané pamblokiran kanggo pangreksan), nanging panata umumé kudu mesthèkaké yèn naraguna ngenal kawicaksanan-kawicaksanan Wikipedia, lan mènèhi kasempatan kanggo nyesuaikaké dhiri sadurungé mblokir. Naraguna sing wis diwènèhi weruh ngenani kawicaksanan lan diwènèhi kasempatan kasebut ora perlu diwènèhi pènget manèh.
Gunané pamblokiran yakuwi perlindhungan, dudu ukuman. Suwéné pamblokiran kudu magepokan karo kacenderungan naraguna kasebut mbalèni perilakuné sing ngrusak. Pamblokiran kanthi jangka wektu suwé iku kanggo pangrusakan sing makaping-kaping lan kanggo ngurangi beban kapanatan.
Pamblokiran alamat IP dinamis biasané luwih cendhak tinimbang kanggo alamat IP statis jroning kasus sing mèmper, kanggo ngindhari èfèk samping wong liya sing bakal migunakaké alamat IP kasebut.
Senadyan suwéné pamblokiran gumantung marang manéka kahanan, ana sawetara standar:
pangrusakan biasané ngakibataké pamblokiran 24 jam, yèn pangrusakan iki makaping-kaping jangka wektu pamblokiran bakal luwih dawa;
akun sing dipigunakaké kanggo pangrusakan diblokir salawasé;
pamblokiran kanggo perlindhungan biasané dipatrapaké samangsa perlu, kadhangkala salawasé.
Panata kudu mènèhi alesan sing jelas lan spesifik kenapa sawijining naraguna diblokir. Alesan pamblokiran kudu ngindhari jargon utawa istilah teknis supaya naraguna bisa mangertèni. Panata uga bisa ngayahi bab iki kanthi ninggalaké pesen ing kaca dhiskusi naraguna kasebut.