Sugeng rawuh wonten ingWikipedia,bauwarna mardika ingkang saged dipun ewahi déning sinten kémawon.
Wikipedia punika sawijiningbauwarna kanthi isi mardika ingkang kawiwitan ing warsa2001. Sedaya seratan wonten ing Wikipedia punika wujud gotong-royongipun para panyumbang saking saindhenging bawana. Situs punika kalebet situswiki, ingkang nggadhahi suraos "sinten kémawon' saged ngewahi seratan, ndandani, saha nambahi katrangan kanthi ngeklik pranalasunting wonten ing sainggiling saben kaca.
Wikipedia punika mèrek dagang sakingWikimedia Foundation, Inc. ingkang ugi sampun ngreksa brayat Wikipedia, ing antawisipunWikiquote,Wiktionary,Wikisource,Wikibooks danWikinews. Salebetipun Wikipedia lan proyèk sanèsipun, panjenengan kaanti-anti supados tumut nyunting, lan tumut nyumbang ngèlmu ing babagan ingkang panjenengan remeni.
Wikipedia dipun wiwiti15 Januari2001 déningJimmy Wales,Larry Sanger, lan sawetawis kolaborator nganggébasa Inggris. Sapunika wonten 74.712 artikel wonten ingbasa Jawi.
Sedaya tèks ing Wikipedia, lan sapérangan ageng gambar sarta suraos bèntenipun, dipun ayomi déningGFDL. Kontribusi taksih hak ingkang ndamel, sawetawis punika palilah GFDL saged mesthèkaken isinipun bakal taksih saged kababar kanthi gratis lan saged dipun réproduksi (cobi ningalideklarasi hak cipta lanpanyangkalan isi)
Proyèk sanèsipun
Wikipedia punika satunggiling ènsiklopédhi bébas ingkang dipunopèni déningYayasan Wikimedia tanpa bathi ingkang nglampahaken kathah proyèk wikimultibasa: