Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Wicitrawirya

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Artikel iki preludirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikelWikipédia
Panjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawawikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak.
Wicitrawirya
Déwanagari:विचित्रवीर्य
Aksara Jawa:ꦥꦿꦧꦸꦕꦶꦠ꧀ꦫꦮꦶꦫ꧀ꦪ
Jeneng liya:Prabu Citrawirya
Asal:Kraton Ngastina

Wonten salebetingwiracaritaMahabharata,Wicitrawirya (Dewanagari:विचित्रवीर्य,IASTVichitravīrya,विचित्रवीर्य) atauCitrawirya inggih punika salah satunggaling putra PrabuSantanu, rajaHastinapura. Miturut silsilah kulawargaKuru, Wicitrawirya punika minangka ‘’kakek’’Pandhawa kaliyanKorawa.

Asma

[besut |besut sumber]

Wicitrawirya sakingbasa Sansekerta sahabasa Kawi kanthi tembungWitjitra kaliyanWirja[1].Witjitra tegesipun éndah banget[1].Wirja tegesipun kendel, koewasa, moelja[2]. Manawi wonten salebeting tradhisi paringgitan Jawa, asring dipunsebatCitrawirya.

Riwayat

[besut |besut sumber]

Wicitrawirya inggih punika putranipun PrabuSantanu kaliyan RatuSatyawati ingkang paling nem. RatuSatyawati punika, garwanipun Prabu Santanu ingkang kaping kalih. Wicitrawirya gadhah kalih sadulur. Sadulur seje ibu, ingkang asmaBisma, déné sadulur tunggal ibu, ingkang asmaCitrānggada. Saksampunipun Prabu Santanu tilar donya, Citrānggada ingkang nggantosaken tahta wonten ingHastinapura. Sejatosipun ingkang nggantosaken tahtanipun Prabu Santanu punikaBisma, nanging amargi Bisma sampun sumpah manawi panjenenganipun badhé boten naté dados raja saha badhé doten naté nggarwa sinten kemawon. Nanging,Citrānggada palastra wonten salebeting perang. Kadosta tradhisi, Wicitrawirya ingkang nggantosaken kakuwaosipun. Wonten sapunika Wicitrawirya taksih nem sanget.

Leres filsafatipun Bisma, saha beja rakyatHastina, amargi anggènipun nguwaosi saha marintah, raja nem punika béda kaliyan kang masipun-Citrānggada. Wicitrawirya punika boten gadhah kasekten kados ta kang masipun, nanging panjenenganipun raja ingkang jujur, adil, pinter nglola nagari, boten supe tresna dhumateng rakyatipun. Panjenenganipun ngonduraken sadaya ingkang dados hak nagari caketipun, saha saking kaadilan lan kajujuranipun, sarta bimbinganipun Bisma minangka kang mas saha penasihat,Hastinapura saged dipunkurmati mallih minangka nagari ingkang njaga katentreman[3].

Wonten ing wekdal punika prabu kedah gadhah permaisuri. Sesarengan wonten kabar manawi nagariKashi saweg ngawontenakensayembara ingkang ngrebutaken tigang putri RajaKasya, nun inggihAmba,Ambika kaliyanAmbalika,kanggé sinten kemawon ingkang nedahaken kasekten paling inggil. Ratu Setyawati mireng kabar punika, lajeng panjenenganipun madosi Bisma-putra tunggal rama ingkang dados penasihat karajan. Ratu Setyawati ngenidka manawi Prabu Wicitrawirya punika sanès raja ingkang sekti, boten saged menangakensayembara. Ananing sapunika Prabu Wicitrawirya sampun kedah gadhah permaisuri. Ratu Setyawati ngenidka manawi Prabu Wicitrawirya punika sanès raja ingkang sekti, boten saged menangaken sayembara. Ananing sapunika Prabu Wicitrawirya sampun kedah gadhah permaisuri.

Mireng ngendikanipun Ibu kados punika, kaluhuran budi, kwanenan, rasa welas asih dhumateng rayinipun saha tanggel jawab dhumateng nagari dipuntedahakenBisma. Bisma matur dhumateng Ibunipun manawi piyambakipun ingkang badhé tarung wonten ing sayembara punika saha badhé bekta tigang putri punika kanggé Prabu Wicitrawirya. Ratu Setyawati nelangsa mireng tekadipun ingkang putra. Salajengipun Ratu Setyawati kaliyan Prabu Wicitrawirya paring pangestu dhumateng Bisma.

Rujukan

[besut |besut sumber]
  1. abW.J.S poerdarminta. 1929.Baoesastra Djawa. Batavia: J.B. Wolters Uitgevers Maatschappij N.V Groningen. hlm 665 & 666Masalah sitiran: Tenger<ref> ora trep; jeneng "kamus1" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda
  2. W.J.S poerdarminta. 1929.Baoesastra Djawa. Batavia: J.B. Wolters Uitgevers Maatschappij N.V Groningen. hlm 665
  3. http://sosbud.kompasiana.com/2012/08/06/prabu-citragada-dan-prabu-wicitrawirya-seri-mahabharata-bhisma-dewabharata-2/[pranala mati permanèn], Dipun undhuh 10 Oktober 2012.


Kang sadurungé
Citrānggada
Dinasti Kuru
RajaHastinapura
Kang sawisé
Pandu


Wiracarita Mahabharata déningKrishna Dwaipayana Wyasa
Para paraga
Dinasti KuruParaga liya
Santanu |Gangga |Bisma |Satyawati |Citrānggada |Wicitrawirya |Ambika |Ambalika |Widura |Dretarastra |Gandari |Sangkuni |Subadra |Pandu |Kunti |Madri |Yudistira |Bima |Arjuna |Nakula |Sahadewa |Duryodana |Dursasana |Yuyutsu |Dursala |Drupadi |Hidimbi |Gatotkaca |Ahilawati |Utara |Ulupi |CitrānggadāAmba |Barbarika |Babruwahana |Irawan |Abimanyu |Parikesit |Wiratha |Kicaka |Krepa |Drona |Aswatama |Ekalawya |Kertawarma |Jarasanda |Satyaki |Mayasura |Durwasa |Sanjaya |Janamejaya |Resi Byasa |Karna |Jayadrata |Kresna |Baladewa |Drupada |Hidimba |Drestadyumna |Burisrawa |Salya |Adirata |Srikandi |Radha
Topik kagandhèng
Pandawa |Korawa |Hastinapura |Indraprastha |Krajan ing Mahabharata |
Perang ing Kurukshetra |Bhagawad Gita |Krajan Kuru |Silsilah Pandawa lan Korawa

Cithakan:Tokoh sajeroning mitologi hindu

Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Wicitrawirya&oldid=1665253"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp