Artikel iki preludirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikelWikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawawikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak.
Wassily Leontief
Wassily Leontief (miyos wonten ingMünchen,Bayern,Jerman,5Agustus1905) inggih punika salah satunggalingékonom ingkang misuwur amargi panaliténipun babagan kados pundi éwahan wonten ing satunggalsektor ékonomi saged maringi prabawa dhateng sektor sanèsipun. Leontief menangaken Bebungah Nobel Ékonomi nalika taun1973.[1]
Wassily Leontief, putra saking Wassily W. Leontief (guru besarékonomi) lan Eugenia, mlebet ingUniversitas Leningrad (sapunika wonten ing St. Petersburg) nalika taun1921. Piyambakipun pikantuk gelar ékonom terpelajar (sami kaliyanMaster of Arts) nalika taun1925 nalika yuswanipun nembé 19 taun.
Wiwit taun1927 dumugi taun1930, piyambakipun makarya wonten ing Institut Ékonomi Dunia wonten ingUniversitas Kiel. Ing mrika piyambakipun nliti turunan kurva permintaan lan penawaran statistik. Rikala taun1929 piyambakipun mlampah dhatengTiongkok saperlu mbiyantu Kementerian Perkeretaapian minangka penasihat.[2]
Nalika taun1932, Leontief palakrrama kaliyan penyair,Estelle Marks, lan dipunparingi satunggal putra ingkang miyos taun1936, Svetlana Leontief Alpers.
Wonten ing taun1932 piyambakipun makarya wonten ingHarvard University, wonten ing Jurusan Ékonomi lan nalika taun1946 piyambakipun dadosprofesor ngèlmu ékonomi.