Wasir utawa ambeien kang ing Basa Inggris tinulishemorrhoidUK/ˈhɛmərɔɪdz/, iku ateges strukturvaskuler ing njerokanal anus kang mbantu ngendhalekake bebuwang.[1][2] Struktur pembuluh darah iku bisa malih sipate dadipatologis utawa sinebutpiles[3] nalikaabuh utawa ngalamiradang. Ing kaanan fisiologise, hemoroid iku tumindak dadi bantalan kang digawé déningkanal-kanal arteri-vena lanjaringan ikat.
Tandha-tandha wasir patologis gumantung karo jinis kang tuwuh. Tuwuhing wasir internal lumrahé dibarengi karo tuwuhinggetiyen dubur kang ora krasa lara. Déné wasir eksternal, bisa nuwuhaké pirang-pirang tandha-tandha utawa yèn kenatrombosis rasa kang lara banget bisa tuwuh lan ana abuh ing pérangandubur. Wong-wong kerep kliru ngartekake tandha-tandha kang tuwuh ing pérangan anus-rektum iku mesthi minangka "wasir" lan mulane jalaran serius tandha-tandha dadi ora digatekake.[4] Pancen jalaran pesthine wasir isih durung ketemu, nanging pirang-pirang faktor kang ningkatake tekanan ing njero weteng, kususebebelen, tinercaya duwé prabawa ing lelakoné wasir.
Pangobatan wiwitan kanggo wasir kang entheng nganti sedhengan ya iku kaya ta nambah pepangan awujudserat, ngombé banyu kanggo njaga hidrasi, obatNSAID kanggo nambani rasa lara, lan ngaso kang cukup. Pirang-pirang prosedur entheng manawa kudu dilakoni yèn tandha-tandha mundhak nemen utawa ora kalong/malih entheng sawisé ditambani lumantar tata laksana lawas. Bedah/oprasi dadi prosedur mburi kanggo panandhang kang penyakite ora malih apik sawisé ditambani mawa cara mau. Luwih saka separone manungsa, bakal ngalami masalah wasir ing sawijining wektu uripé. Lumrahé asil tundhone apik.
Wasir internal lan eksternal bisa tuwuh kanthi seje; nanging, akèh wong kang bisa uga nandhang kombinasi wasir kaloro.[2] Pendarahan kang rada akèh lan nyebabakeanemia arang lelakoné,[5] apa manèh kang nganti nyebabake oncating nyawa.[6] Akèh wong kang rumangsa isin yèn nandhang lelara iki[5] akibate kerep-kerepe wong mau padha golèk tamba yèn penyakite wis mundhak nemen.[2]
Yèn ora ngalamitrombosis, wasir eksternal mung nuwuhaké masalah sethithik.[7] Nanging, yèn nganti trombosis, wasir bisa nuwuhaké rasa lara kang ora lumrah.[2][3] Ewasemono, rasa lara iki bakal ilang sawisé 2 – 3 dina.[5] Nanging abuhe lagi ilang sawisé sawatara minggu.[5]Kulit ngandel/akrokordon bisa tetep keri nalika wis mari.[2] Yèn wasire rada gedhé lan nyebabake masalah nalika ngresiki dubur, wasire bisa nuwuhaké iritasi ing saubenge kulit lan marakkake gatel ing dubur.[7]
Wasir internal lumrahé tuwuh bebarengan karogetihen dubur kang ora krasa lara, warnané abang seger, nalika utawa sawisé bebuwang.[2] Lumrahé getih iku ngglopot ing tinjane, sawijining kaanan kang sinebuthematokezia, nempol ing tisu WC, utawa netes ing njero WC.[2] Werna tinja mau lumrahé tetep katon normal.[2] Tandha-tandha liyané kaya ta ngetokaké bebuwang yiyid, dobol liwat dubur,gatel, lan bebuwang kang ora bisa diampet utawainkontinensia fekal.[6][8] Wasir internal lumrahé mung krasa lara yèn kedadeyan trombosis utawanekrosis.[2]
Panyebab pesthi wasir kang nuwuhaké tandha-tandha ora patiya dimangerteni.[9] Pirang-pirang faktor dipercaya nduwé prabawa kaya ta: kabiyasan usus kang ora teratur (bebelen utawadiare), kurang ulah raga, faktor gizi (diet kang kandhutan serate sithik), nambahing tekanan ing njero weteng (kesuwen ngeden,asites, bobot ing njero weteng, utawangandhut), genetik, ora ananing katup ing pembuluh-pembuluh darah kang gegayutan karo wasir, lan tambah tuwaning umur.[3][5] Faktor liya kang dipercaya ningkatake risiko kaya takelemon, kesuwen njagong,[2]watuk kronis landisfungsi dhasar panggul.[4] Ewosemono, bukti-bukti kang mbenerake gegayutan ini ora mitayani.[4]
Ing ing sajeroning wektungandhut, tekanan saka jabang bayi utawafetus ing weteng bebarengan karo owahing kaanan hormonal nyebabake ngambaning saluran-saluran kang gegayutan karo wasir. Babaran uga ningkatake tekanan ing njero weteng.[10] Wanita kang ngandhut lumrahé ora prelu nglakoni oprasi amarga tandha-tandha kang tuwuh lumrahé ilang dhéwé sawisé nglairaké.[3]
Bantal hemoroid ya iku pérangan normale anatomi manungsa lan dadi bisa nyebabake lelara (patologis) yèn bantal mau ngalami owah-owahan kang ora normal.[2] Ana telung bantalan kang ana ingkanal dubur normal.[3] Panggonan asalé ana ing sisih lateral kiwa, anterior tengen, lan posterior tengen.[5] Bantalan-bantalan mau ora kagawé déningarteri utawavena nanging pembuluh getih sinebutsinusoid,jaringan ikat lanotot polos.[4] Sinusoid ora duwéjaringan otot ing kekuliting jaringan kaya déné vena.[2] Prangkat pembuluh getih iki dimangerteni kanthi jenengpleksus hemoroidalis.[4]
Bantalan hemoroid wigati kanggo ngatur bebuwang utawakontinensi fekal. Bantalan-bantalan mau mbantu sagedhene 15–20% ing gawé tekanan panutupan salumrahe lan nglindhungi ototsfingter dubur ing sajeroning wektu bebuwang ngliwati usus pérangan ngisor.[2] Nalika wong ngeden, tekanan ing njero weteng tambah, banjur bantalan hemoroid mundhak gedhé ukurane kanggo njaga dubur tetep nutup.[5] Diyakini yèn tandha-tandha wasir tuwuh nalika struktur vaskuler mau mlorot mudhun utawa nalika tekanan vena nambah dhuwur banget.[6] Nambah dhuwuring tekanansfingter anal uga bisa mèlu tuwuh ing tandha-tandha hemoroid.[5] Rong jinis wasir kang ana ya iku: internal sakapleksus hemoroidal superior lan eksternal saka pleksus hemoroidal inferior.[5]Garis dentata dadi garis kang misah kaloro pérangan iki.[5]
Wasir lumrahé didiagnosa lumantar pamriksan fisik.[11] Pamriksan visual dubur lan pérangan-pérangan sakupenge bisa ndiagnosa wasir eksternal utawa kang nganti dobolen.[2]Pamriksan rektum bokmanawa ditindakake kanggo ndheteksitumor rektum kang manawa tuwuh,polip, lan nggedheningprostat, utawaabses.[2] Pamriksan iki manawa ora bisa ditindakake tanpa ananingsedasi amarga rasa larane, nadyan wasir internal lumrahé ora nggawa rasa lara.[3] Kapesthen visual wasir internal bisa mrelokakeanoskopi, ya iku pranti wujud selang kang salah siji pucukke dipasangi lampu.[5] Ana rong jinis wasir: eksternal lan internal. Rong jinis mau dibedakkake saka posisiné kelawangaris dentata.[3] Sapérangan pasien manawa nuduhake versi tandha-tandha kalorone bebarengan.[5] Yèn ana rasa lara, kaanan mau luwih ketara wujudfisura ani utawa wasir eksternal tinimbang internal.[5]
Wasir internal ya iku kang tuwuh saka pérangan ndhuwurgaris dentata.[7] Wasir mau ketutup déningepitelium kolumnar kang ora duwéreseptor rasa lara.[4] Wasir jinis iki diklasifikasekakke ing taun 1985 dadi patang kelas dhedhasar tingkat wetuné bol utawaprolapsis.[3][4]
Kelas I: Ora dobolen. Mung pembuluh getih kang katon cetha.[11]
Kelas II: Dobolen nalika ngeden nanging langsung lumebu manèh.
Kelas III: Dobolen nalika ngeden lan kudu dilebokkake manèh kanthi manual.
Kelas IV: Dobolen kang ora bisa dilebokkake kanthi manual.
Wasir eksternal ya iku wasir kang tuwuh ing pérangan ngisor dentata utawagaris pektinatus.[7] Pérangan kang cerak ketutup déninganoderma lan kang adoh ketutup kulit, pérangan kaloro iki padha-padha sensitif karo rasa lara lan temperatur.[4]
Pirang-pirang cara panyegahan disaranake kalebu nginggati ngeden nalika arep bebuwang, nginggati bebelen, lan diare/mencret kanthi tansah memangan diet kang akèh kandhutan serate, lan ngombé banyu kang akèh, utawa ngombé suplemen serat, uga ulah raga kang cukup.[5][12] Aja kesuwen ngeden nalika bebuwangdefekasi, luwih becik aja bebuwang sinambi maca,[3] uga ngurangi bobot awak kanggo wong kang kelemon, lan aja ngangkat barang kang abot-abot.[13]
Pangobatan konservatif kaya ta antarané ya iku gizi kang kandhutanserat diete dhuwur, ngombé banyu kang akèh kanggo njaga hidrasi, obatnon-steroidal anti-inflammatory drug (NSAID),njagong kungkum Sitz, lan ngaso.[3] Nambah konsumsi pangan kang ngandhut serat wis kabukten bisa ningkatake asile,[14] lan bisa uga dilakoni lumantar nggenta-nggenti asupan utawa ngonsumsisuplemen serat.[3][14] Ewasemono, bukti ngenani mampangat nglakoni njagong kungkum Sitz kapan baé sajeroning pangobatan kurang banget.[15] Yèn pancen nglakoni cara pangobatan mau, kungkume kudu diwatesi mung 15 menit ing sabene nglakoni.[4]
Sanajan akèh agensia topikal lan supositoria sumadhiya kanggo nambani wasir, nanging bukti kang njurung gunané mung sethithik.[3] Agensia kang ngandhutsteroid ora kena dianggo nganti punjul 14 dina amarga bisa nipisake kulit.[3] Sakehing agensia kang ana mesthi awujud campuran saka bahan-bahan aktif.[4] Bahan-bahan mau bisa kalebu: krim penghambatjeli petroleum utawaseng oksida, agensia analgesik kaya talidokain, lan vasokonstriktor kaya taepinefrin.[4]Flavonoid gunané isih nuwuhaké pitakonan lan bisa nyebabake efek samping.[4][16] Tandha-tandha lumrahé ilang yèn mbobot; mula pangobatan aktif lumrahé diendhegi sauntara nganti sabubaring babaran.[17]
Saperang prosedur bisa ditindakake ing panggonan dhokter praktek. Sanajan lumrahé tetep aman, nanging efek samping kayasepsis perianal bisa kedadeyan.[11]
Ligasi gelang karèt lumrahé disaranake kanggo ngawiwiti pangobatan kanggo para pasien kang penyakite wis ngancik drajat 1 nganti 3.[11] Cara iki ditindakake kanthi masang gelang karèt ing hemoroid internal sakurang-kurange 1 cm sandhuwuringgaris dentata kanggo ngendhegake ilining getih. Sawisé 5–7 dina, hemoroid kang wis garing bakal coplok dhéwé. Yèn anggoné masang gelang karete kecedhaken karo garis dentata, rasa lara kang ora ketulungan bakal langsung tuwuh sawisé.[3] Persentase marine lumantar cara iki tinemu kira-kira nganti 87%[3] dibarengi angka komplikasi sagedhene 3%.[11]
Skleroterapi ngatutake pangobatan kanthi nyuntikake obat kang nyebabakesklerosis, kaya tafenol, menyang hemoroide. Suntikan iki nyebabake pembuluh vena kempes banjur hemoroide dadi mengkeret. Angka kekasilan sawisé patang taun pangobatan ya iku ~70%[3] kang pranyata luwih dhuwur tinimbang nganggo cara ligasi gelang karèt.[11]
Saperang metodhekauterisasi wis kabukten dadi cara kang efektif nambani hemoroid, nanging mung dianggo yèn metodhe liyané ora kasil. Prosedur iki bisa ditindakake lumantarelektrokauteri,radiasi infra merah,bedhah laser,[3] utawabedhah beku.[18] Kauterisasi infra merah manawa bisa dadi pilihan kanggo lelara drajat 1 utawa 2.[11] Penyakit kang drajate wis tekan 3 utawa 4 lumrahé ngasilaké angka umat manèh kang dhuwur.[11]
Saperang teknik pambedhahan manawa digunakaké yèn tata laksana konservatif lan prosedur prasaja gagal.[11] kabèh cara pangobatan liwat oprasi gegayutan karo sawatara drajat komplikasi kalebu pendarahan, infeksi,striktur ani, lanretensi urin, amarga cedhaking let dubur menyang sarap kang ngisi kandhung kemih.[3] Manawa bisa uga ana risiko sepele awujudinkontinensia fekal utawa ora bisa ngampet bebuwang, mligi kang cuwer,[4][19] kang angkane dilapurake wiwit saka 0% nganti 28%.[20] Kaanan liya kang bisa tuwuh sawisé wasir diangkat ya ikuectropion mukosa (kerep-kerepe dibarengi karo stenosis dubur).[21] Kaanan iki bisa dititeni saka wetuné mukosa/barang yiyid saka dubur, kaanan kang luwih entheng tinimbangprolaps rektum.[21]
Hemoroidektomi eksisional utawa ngangkat wasir kanthi eksisi ya iku pangirisan jaringan hemoroid kang mung ditrapake kanggo kasus-kasus parah.[3] Cara iki lumrahé ana nyebabake rasa lara bubar oprasi lan lumrahé mbutuhake wektu 2–4 minggu supaya pulih.[3] Ewasemono, cara iki duwé kaluwihan ing mangsa kang luwih suwé kanggo hemoroid tingkat 3 tinimbang ligasi gelang karèt.[22] Cara iki prayoga kanggo pasien kang ngalamihemoroid eksternal amarga trombosis yèn ditindakake ing wektu 24–72 jam.[7][11] Panggunan salepGliseril trinitrat sawisé oprasi bisa mbantu ngurangi rasa lara lan mbantu pamulihan.[23]
Dearterialisasi hemoroid trans-anal mawa tuntunan doppler ya iku pangobatan kang sipate ora patiya invasif nggunakaké ultrasonografi doppler supaya bisa kanthi akurat nemu panggon ilining getih arteri. Arteri-arteri iki banjur "ditaleni" lan jaringan kang ngalami prolaps bakal mbalik ing posisi normale. Tuwuhing wasir manèh ing wektu ngarep sawisé prosedur iki rada dhuwur, nanging komplikasine luwih sethithik tinimbang hemoroidektomi.[3]
Hemoroidektomi mawa stapler, kang uga dikenal kanthi jenenghemoroidopeksi mawa stapler, ya iku salah sawijining prosedur kang nganggo pangangkatan jaringan hemoroid kang gedhene abnormal, sabubaré diterusake kanthi mbalekake posisi asalé jaringan hemoroid ing kaanan anatomi normale. Lumrahé larane ora nemen lan mula marine luwih rikat tinimbang yèn hemoroide diilangi kabèh.[3] Ewasemono, manawa orane hemoroid simtomatik umat manèh luwih gedhé tinimbang hemoroidektomi konvensional[24] saéngga cara iki mung becik ditindakake kanggo lelara tingkat 2 lan 3.[11]
Angel nemtokake kerep orane kedadeyan hemoroid amarga akèh wong kang nandhang lelara iki ora mriksakake menyang klinik keséhatan.[6][9] Nanging, ana kapitayan yèn hemoroid kang mawa tandha-tandha ngenani 50% populasi AS ing sawatara wektu uriping para pasien mau lan prakira ~5% saka populasi kena prabawané kapan baé.[3] Lanang utawa wadon padha-padha ngalami kira-kira kedadeyaning kaanan kang padha[3] kang cacah tuwuhing paling akèh ing antarané umur 45 nganti 65 taun.[5] Penyakit iki luwih kerep tuwuh ing wongKaukasia[25] lan wong-wong kang duwé status sosioekonomi dhuwur.[4] Asil kanggo wektu suwé lumrahé apik, sanajan saperang wong manawa bola-bali ngalami babak-babak simtomatik.[6] Ora akèh pasien kang tundhone kudu dioprasi.[4]
Miniatur Inggris abad 11. Ing sisih tengan ya iku oprasi ngangkat hemoroid.
Sing kapisanan nerangake lelara iki asalé saka 1700 taun sadurungé Masehi ya ikupapirus saka bangsa Mesir, unine:“… Sampeyan kudu nggawé jamu, lenga kang bisa nglindhungi kanthi apik banget; godhongAkasia, diuleg, diulet, banjut dimasak bareng. Usapake gombal alus secuil ning panggonan kono -bareng godhong mau banjur tempelake ning dubur, mesthi bakal rikat waras."[26] Ing taun 460 sadurungé Masehi,Hippocratic corpus nyrasehake pangobatan kang memper cara modern ligasi gelang karèt:“Lan pangetrapane kanggo hemoroid kang kaya mangkono bisa ditambani mawa cara ditubles dom banjur ditaleni nganggo benang wol kang kandel, aja diangkat, dienengke baé nganti puthul dhéwé; banjur nalika pasien waras, wenehi terapi tetuwuhan Hellebore.”[26] Hemoroid jare uga diterangake ing kitabInjil.[5][27]
Celsus (25 SM – 14 M) nerangake prosedur ligasi lan eksisi, uga nyrasekake potensi komplikasine.[28]Galen nyaranake supaya matèni pembuluh getih arteri menyang vena, lan ngaku yèn cara iki bisa ngurangi rasa lara lan mrataning gangren.[28] BukuSusruta Samhita, (abad 4 – 5 M), duwé katrangan kang memper kaya kang diterangake Hippocrates, nanging negesake supaya tatune kudu resik.[26] Ing abad 13, dhokter bedhah Éropah kaya taLanfranc saka Milan,Guy de Chauliac,Henri de Mondeville lan John saka Ardene kasil banget nggawé maju lan ngrembakaning teknik bedhah.[28]
Panggunan tembung "hemoroid" kang sepisanan ing Inggris kedadeyan ing taun 1398, dumadi saka basaPrancis Tuwa "emorroides", saka basaLatin "hæmorrhoida -ae",[29] saka basaYunani "αἱμορροΐς" (haimorrhois), tegesé "jalaran wetuné getih", saka "αἷμα" (haima), "getih"[30] + "ῥόος" (rhoos), "dalan, ili, lakuning",[31] dhéwé saka "ῥέω" (rheo), "mili, ngocor".[32]
Atlit bisbol kang kawentarGeorge Brett ditokkake saka tandhing ing1980 World Series amarga kelaran hemoroid. Sawisé nglakoni bedhah cilikan, Brett mbalik mèlu main manèh ing tandhing sawisé, karo nylemong "...masalahku saiki wis ana ing mburi."[33] Brett banjur nglakoni bedhah hemoroid manèh ing mangsa semi iku.[34] Komentator pulitik konservatifGlenn Beck nglakoni bedhah hemoroid banjur njelasake pengalaman kang ora nyenengake iku ing videoYouTube taun 2008 kang wis ditonton déning wong akèh banget.[35]
↑abcdefghijklRivadeneira, DE (2011 Sep). "Practice parameters for the management of hemorrhoids (revised 2010)".Diseases of the colon and rectum.54 (9): 1059–64.PMID21825884.{{cite journal}}:Check date values in:|date= (pitulung);Unknown parameter|coauthors= ignored (|author= suggested) (pitulung)
↑abAlonso-Coello, P.; Guyatt, G. H.; Heels-Ansdell, D.; Johanson, J. F.; Lopez-Yarto, M.; Mills, E.; Zhuo, Q.; Alonso-Coello, Pablo (2005). Alonso-Coello, Pablo (èd.). "Laxatives for the treatment of hemorrhoids".Cochrane Database Syst Rev (4): CD004649.doi:10.1002/14651858.CD004649.pub2.PMID16235372.
↑Lang, DS (2011 Dec). "Effectiveness of the Sitz bath in managing adult patients with anorectal disorders".Japan journal of nursing science: JJNS.8 (2): 115–28.PMID22117576.{{cite journal}}:Check date values in:|date= (pitulung);Unknown parameter|coauthors= ignored (|author= suggested) (pitulung)
↑Alonso-Coello P, Zhou Q, Martinez-Zapata MJ; et al. (August 2006). "Meta-analysis of flavonoids for the treatment of haemorrhoids".Br J Surg.93 (8): 909–20.doi:10.1002/bjs.5378.PMID16736537.{{cite journal}}:Explicit use of et al. in:|author= (pitulung)CS1 maint: multiple names: authors list (link)
↑Quijano, CE (2005 Jul 20). "Conservative management of symptomatic and/or complicated haemorrhoids in pregnancy and the puerperium".Cochrane database of systematic reviews (Online) (3): CD004077.PMID16034920.{{cite journal}}:Check date values in:|date= (pitulung);Unknown parameter|coauthors= ignored (|author= suggested) (pitulung)
↑Misra, MC (2005). "Drug treatment of haemorrhoids".Drugs.65 (11): 1481–91.PMID16134260.{{cite journal}}:Unknown parameter|coauthors= ignored (|author= suggested) (pitulung)CS1 maint: extra punctuation (link)
↑Pescatori, M (2008 Mar). "Postoperative complications after procedure for prolapsed hemorrhoids (PPH) and stapled transanal rectal resection (STARR) procedures".Techniques in coloproctology.12 (1): 7–19.PMID18512007.{{cite journal}}:Check date values in:|date= (pitulung);Unknown parameter|coauthors= ignored (|author= suggested) (pitulung)
↑Ommer, A (2008 Nov). "Continence disorders after anal surgery--a relevant problem?".International journal of colorectal disease.23 (11): 1023–31.PMID18629515.{{cite journal}}:Check date values in:|date= (pitulung);Unknown parameter|coauthors= ignored (|author= suggested) (pitulung)
↑abLagares-Garcia, JA (2002 Dec). "Anal stenosis and mucosal ectropion".The Surgical clinics of North America.82 (6): 1225–31, vii.PMID12516850.{{cite journal}}:Check date values in:|date= (pitulung);Unknown parameter|coauthors= ignored (|author= suggested) (pitulung)
↑Shanmugam, V (2005 Jul 20). "Rubber band ligation versus excisional haemorrhoidectomy for haemorrhoids".Cochrane database of systematic reviews (Online) (3): CD005034.PMID16034963.{{cite journal}}:Check date values in:|date= (pitulung);Unknown parameter|coauthors= ignored (|author= suggested) (pitulung)
↑Ratnasingham, K (2010). "Meta-analysis of the use of glyceryl trinitrate ointment after haemorrhoidectomy as an analgesic and in promoting wound healing".International journal of surgery (London, England).8 (8): 606–11.PMID20691294.{{cite journal}}:Unknown parameter|coauthors= ignored (|author= suggested) (pitulung)
↑Jayaraman, S (2006 Oct 18). "Stapled versus conventional surgery for hemorrhoids".Cochrane database of systematic reviews (Online) (4): CD005393.PMID17054255.{{cite journal}}:Check date values in:|date= (pitulung);Unknown parameter|coauthors= ignored (|author= suggested) (pitulung)
↑Christian Lynge, Dana; Weiss, Barry D.20 Common Problems: Surgical Problems And Procedures In Primary Care. McGraw-Hill Professional. kc. 114.ISBN978-0-07-136002-9.
↑abcEllesmore, Windsor (2002). "Surgical History of Haemorrhoids". Ing Charles MV (èd.).Surgical Treatment of Haemorrhoids. London: Springer.
↑abcAgbo, SP (1 Januari 2011). "Surgical management of hemorrhoids".Journal of Surgical Technique and Case Report.3 (2): 68.doi:10.4103/2006-8808.92797.
↑hæmorrhoida, Charlton T. Lewis, Charles Short,A Latin Dictionary, on Perseus Digital Library
↑αἷμα, Henry George Liddell, Robert Scott,A Greek-English Lexicon, on Perseus Digital Library
↑ῥόος, Henry George Liddell, Robert Scott,A Greek-English Lexicon, on Perseus Digital Library
↑ῥέω, Henry George Liddell, Robert Scott,A Greek-English Lexicon, on Perseus Digital Library