¹ Adhedhasar prakiran C.J. Peers sajeroning bukuLate Imperial Chinese Armies: 1520-1840
Rajawangsa Ming (Hanzi: 明朝,hanyu pinyin:ming chao) (1368-1644) yaiku salah siji saka 2 wangsa kang diyasa déningpambrontakan wong tani sadawané sajarahCina.[1] Rajawangsa iki yaiku rajawangsaning sukuwangsaKan (Han) kang pungkasan nguwasani papréntahan sawiséRajawangsa Song.[1] Nalika taun 1368Zhu Yuanzhang bisa ngusir bangsaMongol bali menyang lor lan ngancurakéRajawangsa Yuan.[1] Dhèwèké ngedegaké rajawangsa Ming (大明國; Dà Míng Guó), kang kutha krajané ana ingYingtian (saikiNanjing) sadurungé putrané,Zhu Di, kang dadi kaisar ka-3 mindhahaké kuthagarane menyangShuntian (saikiBeijing).[1] Yingtian banjur ganti jeneng dadi Nanjing (kuthagara kidul).[1]
Wiwitané Rajawangsa Ming ditengeri kanthi mangsa katentreman lan kamakmuran ana ing pimpinan Hongwu, Zhu Yuanzhang.[1] Bauratu Hongwu banjur nglakokaké réformasi ana ing sistem papréntahan lan birokrasi kanthi cara mbentuk organ birokrasi anyar kang padha déné ngimbanginé kanggo nyegah ngadegé lembaga pamaréntah kang duwé wewenang kang kegedhèn.[1] Dhèwèké uga nglakokaké pambangunan ana ing babagan ékonomi, nyetop kabèh jinis èkspèdhisi militèr kanggo mènèhi rakyat wektu lan ketenangan kanggo nglakokaké tanggung jawabé dhéwé-dhéwé.[1] Kebijakan iki jaya kanthi ditengeri saka paningkatan gunggung populasi nganti tekan 10.650.000kepala kulawarga utawané 65.000.000 jiwa nalika taun1393.[1]
Ana ing pungkasaning Rajawangsa Ming, pambrontakan kadaden ana ing nagara iki lan puncaké nalika Beijing bisa direbut déning pambrontak kang dibawahiLi Zicheng.[2] Kakalahan iki njalariChongzhen nggantungké awak ana ing bukit samburinéKutha Terlarang.[2] Li kang duwé sengketa karoWu Sangui nangkep kulawargané kang ana ing Beijing lan njalari Wu gawé kaputusan kanggo nyerah marang suku Mancu kang sabanjuré bisa nelukaké Li Zicheng lan nguwasani Beijing nalika taun 1644.[2]
Sawisé Beijing dikuwasani déningsukuwangsa Mancu, dhèwèké banjur ngedegakérajawangsa Qing kang dadi pratandha rubuhé rajawangsa Ming.[2] Sisa-sisa kakuwatan kang setya marang Rajawangsa Ming banjur ngungsi menyang Cina sisih kidul lan nerusaké perang kanthi cara kang kapisah.[2] Ana ing sajarah, kakuwatan iki banjur ditepungi dadiMing Kidul.[2] Ming Kidul banjur bisa diancuraké déningBauratu Kangsyi (Kangxi) nalika taun1683.[2]