Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Wangari Maathai

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Wangari Maathai

Dr. Wangari Muta Maathai (lair ingNyeri,Kénya,1 April1940 – pati ingNairobi,25 Sèptèmber2011 ing umur 71 taun) inggih punika salah satunggaling aktivislingkungan hidup lanpulitik. Nalika taun2004, piyambakipun dados wanita asalAfrika ingkang kapisanan ingkang dipunanugrahi Penghargaan Bedhamèn Nobel kanggé sumbanganipun wonten ing babagan pembangunan berkelanjutan,dhémokrasi, lanperdamaian. Piyambakipun minangka anggotaParlemen Kenya sarta naté dados Asisten Mantri Lingkungan Hidup dan Sumber Daya Alam wonten ing pamarentahanipunPrésidhènMwai Kibaki antawising taunJanuari2003 dumugiNovember2005.

Dr. Maathai miyos wonten ing Désa Ihithe, Divisi Tetu, DistrikNyeri,Kenya saking kulawarga ètnisKikuyu. Piyambakipun pikantuk gelar sarjana wonten ingbiologi sakingBenedictine College,Atchison nalika taun1964 lajeng dipunlajengaken wonten ingUniversitas Pittsburgh saderengipun wangsul malih dhatengNairobi. Wonten ingUniversitas Nairobi, piyambakipun pikantuk gelar Ph.D. ingkang angka pisan tumrap wanita asalAfrika Timur wonten ing babagan kadhokteran kéwan. Piyambakipun dados dhosèn anatomi kéwan inguniversitas mau nalika taun1971 lajeng dadosdekan. Nalika taun2002, piyambakipun pikantuk posisi minangkaVisiting Fellow wonten ing Institut Global kanggé Kehutanan Berkelanjutan wonten ingUniversitas Yale.[1]

Pagesangan Kulawarga

[besut |besut sumber]

Wangari Maathai minangka ibu saking 3 putra: Waweru, Wanjira lan Muta. Nalika taun1980an, piyambakipun pisahan kaliyan garwanipun, Mwangi Mathai, ingkang ngendika babaganpiyambakipun bilih "langkung kadhidhik, langkung kiyat, langkung sukses, lan langkung awrat dipunatur." Piyambakipun lajeng dipunlebetaken dhateng kunjara amargi nentanghakim sarta dipunlarang migunakaken nama garwanipun malih. Minangka panolakan, piyambakipun namung newahi namanipun kanthi nambahaken satunggal huruf “a” dados Maathai.

Karier

[besut |besut sumber]

Nalika taun1977 piyambakipun mbiyangun Gerakan Sabuk Hijau, sawijining organisasi akar rumput nonpamarentah ingkang ancasipun njamin sumber panyengkuyung kayu bakar lan nyegaherosi lemah. Kampanye punika nggerakaken wanita miskin lan nanem langkung saking 30 juta wit dumugi sapunika. Sadangunipun taun-taun kalampahan, penebangan alasan sampun njalari kirangipun toya seger lan kayu bakar sarta mutu lemah ingkang samsaya mandhap. Maathai saged maringi motivasi kanggé ibu-ibu saking anak-anak ingkang kekirangangizi saperlu ngempalaken bibit tuwuhan, ngedhuk sumur, njagi semaian saking kewanlan manungsa. Amargi jasa-jasanipun, piyambakipun dipunparingi gelarMama Miti (basa Swahili: Ibu saking tetuwuhan).[2]

NalikaDhésèmber2002, Maathai kapilih dados anggotaParlemen Kenya kanthi 98% swara. Nalika taun2003 piyambakipun dipunangkat minangka Asisten Mantri Lingkungan, Sumber Daya Alam, dan Margasatwa. Nalika taun ingkang sami, piyambakipun ugi ndhirikaken Mazingira Green Party of Kenya.[3]

Penghargaan

[besut |besut sumber]

Kajawi Bebungah Nobel Bedhamèn, Maathai ugi nampi sajumlah penghargaan sanès kalebetRight Livelyhood Award (1983),Woman of the Year Award (1983),Woman of the World Award (1989), Africa Prize (1991), ugi Penghargaan Petra Kelly2004 saking Yayasan Heinrich Böll Jerman. Piyambakipun pikantuk 3 gelar dhoktor kehormatan sakingAmérikah Sarékat lanNurwègen.

Cathetan suku

[besut |besut sumber]
  1. http://www.nobelprize.org/nobel_prizes/peace/laureates/2004/maathai-bio.html
  2. http://www.greenbeltmovement.org/wangari-maathai
  3. http://www.greenbeltmovement.org/

Pranala njaba

[besut |besut sumber]
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Wangari_Maathai&oldid=1488098"
Kategori:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp