Wanda (cara Indonésia:suku kata,cara Walanda:lettergreep,cara Inggris:syllable) iku ijining panata tumrap urut-urutaning uniwicara. Contoné, tembungbanyu dumadi rong wanda:ba lannyu. Wanda racaké dumadi saunderan (asring wujuduni swara) sarta pinggiran ngarep lan mburi sing manasuka (racaké wujuduni wyanjana).
Wanda asring ingaran "umpakaning"tembung ingfonologi. Wanda bisa ngaribawani iramabasa, prosodhi, guru gatra, lan pola panindhes.
Tulisan awanda tuwuh atusan taun kapungkur sadurungé muncul hurup. Wanda-wanda lawas dhéwé kacathet ana ing ampo-ampo kuna saka udakara taun 2800 SM ing kutha Ur ing laladan Sumèr. Owahing adat panulis saka piktogram dadi wanda ingaran dadi "kamajuan wigati dhéwé tumrap sujarahing tulisan".[1]
Tembung sing dumadi sawanda (kaya tembung Jawadom) ingaranékawanda. Istilah-istilah sing magepokan kalebu dwiwanda, tembung dumadi rong wanda;triwanda, tembung dumadi telung wanda; lanmanékawanda, tembung dumadi punjul telung wanda utawa tembung dumadi punjul sawanda.
- ↑Geoffrey Blainey,A Short History of the World, p.87, citing J.T. Hooker et al.,Reading the Past: Ancient Writing from Cuneiform to the Alphabet, British Museum, 1993, Ch. 2