Weluku ing satengahé sawah ing Sléman, NgayogyakartaWong tani lagi mlukuLungsuran waluku
Waluku utawawluku utawaluku iku sawijining piranti ing babagantetanèn sing dipigunakaké kanggo ngempukakélemah sadurungé tandur lan sebarwinih.
Tujuan utama saka ngluku ya iku kanggo malik lan ngempukakélemah supayasubur. Waluku racaké ditarik déningsapi utawakebo. Ana uga ing sapérangan tlatah, waluku ditarik déningjaran. Éwadéné, ing nagara-nagara maju, dipigunakaké tenaga uwab.
Luku utawaTénggala iku piranti kang gadhah paédah kanggo nyuburakélemah sadurungé tandur, icir utawa nebar wiji. Mumpangat luku ya iku kanggo nyuburaké lemah ingsawah lantegalan, saliyané iku, luku kagolong salah sijiné piranti kang apik kanggo lingkungan saubengé utawa ora minangka polusi ing alam, amarga luku digèrèt karosapi. Luku kagolong piranti kang ringkes lan ana gunané ingsajarah.
Ning awalé masa tètanem biyèn,manungsa mingunakaké pacul, ganco kanggo ngolah sawah utawa tegalan. Ngolah tanah nganggo pacul iku kurang mumpangaté kanggo tètanem amarga nggunakaké wektu kang suwé, racaké pacul ing sajeroning tétanem mumpangaté kanggo mopok galeng utawa nggawé gulutan lan ganco mumpangaté ing tetanem ya iku kanggo ngolah lemah wujudé krakalan (lemah kang atos) racaké ganco uga digunakaké ing sawah kang ana telané (mléthèk) amarga atos utawa kurangbanyu.
Luku bisa dipigunakaké ngolahsawah, racaké ingmangsa rendheng utawamangsa labuh, amarga mangsa-mangsa iku akèh banyuudan kang ana ing sawah. Semana uga luku iku ditarik sapi kang cacahé2 utawa1, kang dilakokakémanungsa sinambi nggendhing (nyanyi). Mumpangaté mluku ya iku nggawa lemah kang subur ing ngisor dialihaké mendhuwur. Uga ana luku ing liya panggonan sing ditarik karojaran,kebo lankeledai. Ing sajeroning lakuné jaman luku saiki kalah karo traktor kang luwih praktis lan rikat.
Sajeroningbasa Inggris, kaya déné ingbasa Jermanik liyané, waluku dikenal kanthi tradhisional kanthi jeneng liya, kayabasa Inggris kunasulh,Jerman kunamedela,geiza, utawahuohili, lanbasa Norse kunaarðr, kabèh iku dianggep tegesé waluku.Jeneng basa Inggrisplough dikira tembung silihan saka salah siji basa Itali lor, nanging duwé pangertèn liya: ingRaeticplaumorati (Pliny), lan ingLatinplaustrum "kréta, grobag ",plōstrum, plōstellum "kréta", lanplōxenum, plōximum "grobag".[1][2]Tembung "plough" asal sakaProto-Jermanik *plōguz ~ *plōgaz. Miturut etimologi sing isih dadi pitakonan,[3] oyod tembung iki saka tembungPIE *blōkó-, ing basaArmenian dikenal minangkapelem "ndhudhuk" lanWelshbwlch "crack". *Plōguz bisa uga disilih sakaProto-Slavic *plōgu "plough", sing dadiplugǔ ingBasa Slavonic kuna.[3][4]Tembung "plogu" utawa "plugu" iki cedhak banget uniné karobasa Jawa wluku utawa waluku.