Wewengkon kasebat njangkep sapérangan golongan suku lan budaya kalebet suku Iran, suku Arab, suku Yunani, suku Yahudi, suku Berber, suku Assyria, suku Kurdi lan suku Turki. Basa mliginipun inggih punika:basa Pèrsi,basa Arab,basa Ibrani,basa Assyria,basa Kurdi lanbasa Turki.
Kathahipun sastra kilèn ndhefinisiaken "Wétan Tengah" punika nagari-nagari ingAsia Kidul-kulon, sakingIran (Pèrsi) tumujuMesir. Mesir kaliyan ujung Sinai ingkang wonten ingAsia limrahipun dipunanggep dados péranganing Wétan Tengah, éwadéné sapérangan ageng wewengkon nagari punika kanthi géografi wonten ingAfrika Lèr.
Kawit tengahingabad kaping 20, Wétan Tengah sampun dados punjer dumadosipun prastawa-prastawa donya, lan dados wewengkon ingkang sénsitif sanget, inggih saking segi kstrategisan lokasi, pulitik, ékonomi, kabudayan lan agami. Wétan Tengah ndarbèni cadhanganlenga mentah ingkang ageng cacahipun lan dados panggénan kalairan lan punjer spiritualagami Yahudi,Kristen lanIslam.
Iran dados wates paling wétan, kadhang ugi nglebetakenAfganistan lanPakistan kulèn amargi caketipun (kanthi suku lan agami) kaliyan golongan mayoritas saking masarakat Iran. Ugi amargi sesambetan sajarah amargi naté dados péranganing kraton ingkang wewengkonipun njangkep laladan-laladan wau. Afganistan, Tajikistan lan Pakistan kilèn gadhah sesambetan budaya, basa lan sajarah kaliyan Iran. Sauntara punika sesambetan antaranipun Iran kaliyan nagari-nagari Arab amargi wontenipun sesambetan agami lan caketipun kanthi géografi.
Umumipun ingkang kasebat Wétan Tengah kanthi barès inggih punika laladan-laladan nagari:
Sapérangan sampun ngritik istilah 'Wétan Tengah' amargikaErosentrismeanipun. Wewengkon punika papanipun ing wétan Éropah Kilèn. KanggéIndia, Wétan Tengah papanipun ing sisih kilèn; kanggé RuslanRussia papanipun ing sisih kidul. Tembung 'Tengah' ugi sampun njalari kabingungan kanggé sapérangan tiyang. SadèrèngipunPerang Dunia I, 'Timur Dekat' dipun-ginakaken Inggris kanggé nunjuk ing laladanBalkan lanKarajan Ottoman, éwadéné 'Timur Tengah' kanggéPèrsi,Afganistan, lanAsia Tengah,Turki, lanKaukasus. Éwadéné 'Timur Jauh' nunjuk ing nagari-nagari 'Asia Timur', kados Tiongkok, Jepang, Hong Kong, lan sanès-sanèsipun.
Kanthi ilangipun Karajan Ottoman ing taun 1918, 'Timur Dekat' méh ilang ing pangginaan umum, éwadéné 'Timur Tengah' dipun-ginakaken kanggé nunjuk ing nagari-nagari Islam. Nanging pangginaan 'Timur Dekat' tetep dipun-ginakaken déning sapérangan dhisiplin akadhemi, kalebetarkéologi lansajarah kuna.