Vidya Balan |
---|
 Vidya Balan |
Lair | Vidya P Balan (1978-01-01)1 Januari 1978 (umur 47) Palakkad,Kerala,India |
---|
Pakaryan | Actress |
---|
Taun aktif | 2003–present |
---|
Vidya Balan (வித்யா பாலன் (1978-01-01)1 Januari 1978 (umur 47)) dhèwèké ikuAktrisIndia.[1]Dhèwèké iku aktrisIndia, kang uga dadi sarjana lulusansosiologi.[1]Dhèwèké njukut gelar sarjana ning St Xavier's College lan ngelajutaké kuliyah S2né ning University of Mumbai.[1]Karir aktingé diwiwiti nalika dhèwèké ndaftar audisifilem CHAKRAM MALAYALAM bebarengan karoMohanlal.[1]Dhèwèké ngarepaké supaya olih peran ning filem mau, nanging dhèwèké ora olih peran ning filem mau,dhèwèké malah dikontrak kanggo meranaké tokoh ning filem RUN,Nanging ora ana alesan kang gamblang, dhèwèké digantikaké déningMeera Jasmine sawisé jadwalsyuting kang kaping pisanan.[1]
Amarga kuciwa karo kadadian mau, dhèwèké nyoba kanggo pindah ning iklan televisi.[1]Ning taun1998, Balan sok metu ning iklan-iklan televisi, kang akehé disutradarai déningPradeep Sarkar.[1]Dhèwèké uga sempet dadi peran pandukung ning video musik band-band kaya taEuphoria,Shubha Mudgal, lanPankaj Udhas.[1]
Ning taun2003, Balan akiré mbintangi filem kang judhulé BHALO THEKO.[1]amarga mbintangifilem mau, dhèwèké olih panghargaan Artis paling apik ning ajang Anandalok Puraskar.[1]Sawisé dhèwèké miwiti anggawe debutfilemHindi ning filem PARINEETA,dhèwèké olih bebungah Aktris paling apik ning ajangFilmfare Award.[1]Sawisé sukses ning filem-filem mau, dhèwèké wiwit narima tawaran mainfilem, malah ana tawaran liya né kang ditolak.[1]Akiré dhèwèké narima tawaran main peran bebarengan karoSanjay Dutt ning filem LAGE RAHO MUNNA BHAI.[1]FIlm iki olih respon apik ning pasaran lan dadi filem paling laris nalika iku[1].Dhèwèké dadi aktrris kondhang sawisé iku, uga olih bebungah-bebungah liyané[1].
Ning taun2011 dhèwèké diberitakaké duwé gayutan karo CEO UTV Motion Pictures,Siddharth Roy Kapoor.[2]Nanging wara-wara iku namungrumor, lan Balan asih dhewekén.[2]