Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Vatikan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Nagara Kutha Vatikan
Status Civitatis Vaticanae
Stato della Città del Vaticano
Gendéraning Vatikan
Gendéra
Aditamènging Vatikan
Aditamèng
Gunagita: Inno e Marcia Pontificale/Mars Kepausan
Dunungpenering Vatikan
Dunungpenering Vatikan
JawatbasaBasaLatin
(Basa Italia akèh dianggo)
Government
• Paus
Paus Leo XIV
Pietro Parolin
Raffaella Petrini
Kamardikan
11 Februari 1929
Pijembar
• Gunggung
0.44 km2 (0.17 sq mi) (251)
• Banyu (%)
0
Population
• Pikira-kira 2014
842[1] (251)
• Ketebdunung
1.877/km2 (4.9/sq mi) (6)
ArtacihnaEuro[2][3] (EUR)
Laladan wektuUTC+1
Kodhé bèl+379
TLD internèt.va

Vatikan yaikunagara mardika paling cilik ing donya, saka ambané wewengkon lan cacahing sing ndunungi. Vatikan ikuenklave lan dikubengi kuthaRoma ingItalia. Vatikan iku papan panggonanéPaus lan wewengkonTakhta Suci, otoritas pusatGréjaKatulik.

Sajarah

[besut |besut sumber]

Tlatah ing kuthaRoma kang sadurungé ora ana sing ndunungi iki (ager vaticanus) tansah dianggep keramat, malah sadurungéagamaKristen lumebu ing tlatah mau. Taun 326,gréja pisanan diwangun ing sakdhuwuré panggonan sing diperkiraaké makamSanto Pétrus. Wiwit wektu samono panggonan iki tansaya akèh dipanggoni warga.

ParaPaus sajeroning peran sékulèré wiwit ngrembakaké prabawa menyang laladan-laladan saubengé lan liwat nagara-nagara Paus mréntah laladan-laladan ingujungItalia sing suwéné punjul sèwu taun nganti tengahan abad kaping 18 nalikaItalia didadèkaké siji. Wektu iku laladan nagaraPaus disita déning Karajan Italia kang nembé diadegaké.


Pulitik

[besut |besut sumber]

Vatikan ikukaukusunik, sawijining conto sakakarajan kang fungsi kepala nagarané, yaiku sangPaus ora diwarisaké nanging dipilih kanggo saumur urip déning dewanKardinal. Anggota dewan kardinal kang bisa milih yaiku kang umuré kurang saka 80 taun. Pasemon dewan kardinal kanggo milih Paus iki diaraniConclave lan dianakaké ingKapel Sistina (Sistine Chapelbasa Inggris utawaChapella Sistinabasa Italia). TembungConclave iki asalé sakabasa Latincum clavis kang tegesé “nganggo kunci”. Maksudé para anggota Déwan kang nyekel kunci pemilihan. Tembung cum clavis iki uga duwé teges yèn para kardinal dikunci ing Kapel Sistina sajeroning prosès pemilihan Paus.

IstilahTakhta Suci ngrujuk marang otoritas, yurisdiksi lan kadhaulatan Paus lan para penaséhaté sajeroning mimpin gréjaKatulik Roma. Takhta Suci nduwé hak kang padha karonagara mawa dhaulat.

Minangka nagara mawa dhaulat, Vatikan uga nduwé hak kanggo ngirim lan nrimadiplomat. Para diplomat iki mbutuhakéKedutaan Besar kang kudu manggon ing kuthaRoma awit ora ana panggonan ing Vatikan. Mulané ana kaanan kang paradoksal, yaiku Italia nduwé perwakilan ing wewengkoné dhéwé. .


Géografi

[besut |besut sumber]

Kutha Vatikan dumunung ing dhuwuré bukit Vatikan ing sisih kulon-lor kuthaRoma, sawatara atus mèter saka Kali Tiber. Tapel watesé karo Italia dawané (3,2 km) mèlu témbok kuthta kang biyèn diwangun kanggo nglindhungi Paus saka serangan. Total wewengkon udakara 0,44 km². Saliyané kutha Vatikan, wewengkon Paus uga kalebu sawataragréja wigati, kantor-kantor lan Kastil Gandolpho. Paus minangkaKepala Nagara lan gubernur ngurusi kaperluan sadina-dina.

Ékonomi

[besut |besut sumber]

Ékonomi Vatikan kang non-komersial iki disokong déning sumbangan saka para umatKatulik saindhenging jagat, dodolanperangko, koin-koin, suvenir turis, iuran lumebu musiyum-musiyum lan dodolan buku lan kalawarta.

Dhémografi

[besut |besut sumber]

Amèh kabèh 890 warga Vatikan manggon ing jero témbok kutha Vatikan. Para warga, dumadi saka para rohaniawan/rohaniawati lanTentara Switserlan, yaiku bala sukarela. 100% warga Vatikan nganutagamaKatulik. Basa Resmi yaikuBasa Latin, nangingBasa Italia luwih sok dipigunakaké sajeroning urip sadina-dina.

Kabudayan

[besut |besut sumber]

Kutha Vatikan minangka warisan budaya kang wigati. Sawetara gedhong kayaBasilika Santo Petrus,Kapel Sistina lanMuseum Vatikan minangka gedhong-gedhong kang éndah banget.

Deleng uga

[besut |besut sumber]

Rujukan

[besut |besut sumber]
  1. "Holy See (Vatican City)".CIA—The World Factbook. Diarsip sakasing asli ing 23 December 2020. Dibukak ing1 July 2014.
  2. www.vatican.vaHoly See Press office — General Information. Retrieved 23 October 2009.
  3. Sadurungé 2002:Lira Vatikan

Pranala njaba

[besut |besut sumber]
Praja atmabuh
Dhènemarken
Karajan Manunggal
Wewengkon Mirunggan
kanthi atmabuh mardika
Finlan
Karajan Manunggal
Nurwègen
  • 1 Pulo-pulo sing ana nang segara saputere Éropa biasane dianggep kalebu Éropa.
  • 2 Praja-praja sing ana nang saputere Éropa kadang dianggep Éropa amarga kabudhayaane padha.


Artikel iki minangkaartikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédiangembangaké.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Vatikan&oldid=1726997"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp