Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Vereenigde Oostindische Compagnie

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih sakaVOC)
Perusahaan Hindia Wétan
Logo VOC
Gendéra VOC
Native name
  • Vereenigde Oostindische Compagnie(popular name)
  • Generale Vereenichde Geoctrooieerde Compagnie(original name)
  • Vereenigde Nederlandsche Geoctroyeerde Oostindische Compagnie(formal name)
TypePublicly traded company
IndustryProto-conglomerate[a]
PredecessorIndhiya Nèderlan
Founded20 Maret1602 (1602-03-20),[8] by a government-directedamalgamation of thevoorcompagnieën/pre-companies
FounderJohan van Oldenbarnevelt and theStates-General
Defunct1800 (1800)
FateDissolved
Headquarters
Area served
Key people
ProductsSpices,[2] silk,porcelain,metals, livestock, tea, grain, rice,soybeans,sugarcane,[3][4]wine,[5][6][7]coffee
Logo VOC

VOC cekakan sakaVereenigde Oostindische Compagnie iku firmaWalanda kang diadegaké tanggal20 Maret1602.[9] Tembung WalandaVereenigde Oost-Indische Compagnie iku tegesé "Sarékat Dagang Hindhia-Wétan".[10] Firma dagang iki diarani Wétan amarga uga anaVWC utawa sarékat dagang kulon.[11] Firma iki kang kapisan ngetokaké saham.[11]VOC nduwé cabang-cabang,kang cacahé 6 (Kamers) ingAmsterdam,Midlleburg (mirunggan Zealand),Enkhuizen,Delfi,Hoorn, lanRotterdam.[12] Delegasi sakaruang iki ngumpul minangka Heeren XVII (XVII Tuan-Tuan).Kamers nyumbang wakil ing pitulas padha karo proporsi modale kang dibayarke;wakil Amsterdam cacahé wolu.[13]Ana ingIndonésia,VOC nduwé sebutan populèr Kompeni utawa Kumpeni.[13] Istilah iki dijupuk saka tembungCompagnie ing jeroné jeneng dawa perusahaan iku ingbasa Walanda.[13] Nanging rakyat Nuswantara luwih ngerti yèn Kompeni iku wadyaWalanda amarga sok gawé rakyat cilaka saka kabèh penindasan kang dilakokake.[13]

Tujuane VOC

[besut |besut sumber]

a. Kanggo nyegah saingan kang ora sehat ing antarane bakul sakaWalanda dhewe.

b. Manunggalake bakul Walanda kanggo saingan marang bakulÉropa liyane.

c. Nggoleki bathi kang sagedhe-gedhene kanggo mbiayai perang mungsuhSpanyol.

Hak istiméwa

[besut |besut sumber]

VOC iku kongsi adol tinuku kang nduweni wewenang kaya pamrentah, mula VOC mujudi organisasi kang "semi pamrentah". Mula saka iku VOC diwenehi hak-hak istimewa (oktrooi) sakaKeraton Walanda, kaya ing ngisor iki.

a. Hak monopoli adol tinuku.

b. Hak nggawe tentara.

c. Hak nggawe beteng.

d. Hak nggawe duwit.

e. Hak nggawe prajanjen marang pamrentah pribumi sandhuwure asma pamrentah Walanda.

Salah sijining saham Perusahaan Hindia Wétan Walanda, tanggal 7 November 1623, kanggo jumlah 2.400 florin

Bubaré VOC

[besut |besut sumber]

Ana ing tengah-tengah abad 18,VOC ndadak dibubaraké déning pamaréntah Walanda.[12] Bubare VOC jalaran alesan ing ngisor iki[12]:

  • Akèh punggawa VOC kang curang lan nindakaké korupsi
  • Akèh biayakang dienggo lan jarang ana sumber pendapatan. Biaya kang diwetokake yaiku biaya kanggo paprangan nglawan perjuangan kaum pribumi. Tuladhané perang nglawan Hasanuddin saka kratonGowa
  • Akèh biaya kanggo nggaji punggawa mergane kekuasaan nuswantara kang jembar mesti butuh punggawa akèh lan wragad kanggo mbayar pegawénen mau.
  • Pembayaran Devident (keuntungan) kanggo kang nyekel saham mèlu nggawé abot sawisé pemasukan VOC suda akèh
  • Tambahe saingan dagang ingAsia mligiInggris lanPrancis
  • Pangowahan kondhisi pulitik ing Walanda amarga ngadege Républik Bataaf 1795 kang demokratis lan liberal kang nganjurake perdagangan bébas.

Nganggo alesan ing dhuwur mau tanggal 31 Dhésèmber 1799 dalah 136,7 jutagulden lan pasugihan kang diditinggal wujud kantor dagang, gudang, bètèng, kapal sarta laladan kekuasaan ing Indonésia[14][15].

Cathetan suku

[besut |besut sumber]
  1. Masalah sitiran: Tenger<ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jenengAtsushiOta
  2. abMasalah sitiran: Tenger<ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jenengLowyInstitute
  3. abShih, Chih-Ming; Yen, Szu-Yin (2009).The Transformation of the Sugar Industry and Land Use Policy in Taiwan, inJournal of Asian Architecture and Building Engineering [8:1], pp. 41–48
  4. abTseng, Hua-pi (2016).Sugar Cane and the Environment underDutch Rule in Seventeenth Century Taiwan, inEnvironmental History in the Making, pp. 189–200
  5. abEstreicher, Stefan K. (2014), 'A BriefHistory of Wine in South Africa,'. European Review 22(3): pp. 504–537.doi:10.1017/S1062798714000301
  6. abFourie, Johan; von Fintel, Dieter (2014), 'Settler Skills and Colonial Development: TheHuguenotWine-Makers in Eighteenth-CenturyDutch South Africa,'. The Economic History Review 67(4): 932–963.doi:10.1111/1468-0289.12033
  7. abWilliams, Gavin (2016), 'Slaves, Workers, and Wine: The 'Dop System' in the History of the Cape Wine Industry, 1658–1894,'. Journal of Southern African Studies 42(5): 893–909
  8. "The Dutch East India Company (VOC)". Canon van Nederland. Diarsip sakasing asli ing 1 December 2010. Dibukak ing19 March 2011.
  9. netsains.comArchived 2010-12-30 at theWayback Machine.(dipunundhuh tanggal 23 mei 2011)
  10. www.blimbing.nlArchived 2011-10-19 at theWayback Machine.(dipunundhuh tanggal 23 Mèi 2011)
  11. abwww.scribd.com[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 23 mei 2011)
  12. abcMencicipi petualangan - Sejarah rempah-rempah www.economist.comThe Economist, 17 Dhésèmber 1998](dipunundhuh tanggal 23 mei 2011)
  13. abcdSaham tertua di dunia (VOC 1606)(dipunundhuh tanggal 23 Mèi 2011)
  14. id.shvoong.com[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 23 Mèi 2011)
  15. www.wikimu.comArchived 2012-11-05 at theWayback Machine.(dipunundhuh 23 mei 2011)


Masalah sitiran: Tenger<ref> ana tumrap golongan aran "lower-alpha", nanging tenger<references group="lower-alpha"/> sing magepokan ora ana, utawa</ref> panutup ora ana

Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Vereenigde_Oostindische_Compagnie&oldid=1690721"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp