Uler iku tahaplarva saka spesiés sajeroningordhoLepidoptera, sing nyakupkupu-kupu lanngengat.[1] Akèh-akéarupa kéwan pamangsa sanadyan sawatara spesiés wujud pamangsagegremet.[1] Uler dianggepama sajeroningtetanèn.[2] Akèhspesiés ngengat kang tahap uleré njalari krusakan ing woh-wohan lan produk pertanian liyané.[2]
Uler lumrahé duwé awak dawa awangun gilig (silinder).[2] Uler nduwé telung pasangsuthang sing sajati ana ing telung segmen dhadha, ditambah patang pasang suthang semu sing karansuthang weteng ing ségmén tengahweteng lan inga sepasang suthang weteng ingségmén weteng pungkasan.[2] Uler duwé sepuluh ségménweteng.[2]
Amauler wulu kang paling parah ya iku kang kadadédan ingPurbolinggo.[3]IngProbolinggo ana pitung désa kang kaserangamauler wulu.[3]Uler wulu cacahé ora mung éwonan nanging yutonan.[3] Uler wulu padha tumémplék ing wit-witan lan ing témbok-témbok omah, lan ana kang lumebu omah warga.[3] Saliyané akèh, uler wulu iki uga nggawé gatel.[3] Wulu kang ana ing awaké uler iki kang marakaké rasa gatel.[3] Amarga ama uler kang ngebaki désa, para warga dadi keganggu lan ora bisa nyambut gawé amarga kudu ngresiki uler-uler mau.[3]
Carané mbrantasama uler iki kanthi nyemprotaképestisida ing wit-wit kang ditémpléki uler lan ngetoki pang-pang kang ana ig wit, ancasé supaya godhongé bisa kurang.[3] Kajaba iku uga bisa kanthi nambahpopulasimanuk ing tlatah kang kaserang ama uler, supaya manuk bisa mangani uler-uler mau lanpopulasi uler bisa kurang.[3] Kanggo ncegah uler saya akèh uga bisa kanthi penyemprotaninsèktisida lanobatgegremet ing tandurané warga, supaya uler bisamati yèn mangan tanduranne.[4]Salah sawijining uler kang rikat banget gedhé ya iku jinisdesgiria inclusa.[4]Ama uler wulu kang akèh cacahé disebabaké amarga kurangépopulasipredator manuk alasan kang mangan uler.[5]Yèn manuk terus diburu terus kanggo dipangan lan didol, koléksi utawa kasenengan bakal nukulaké bencanaékologi lan bisa ndadèkaképopulasi uler lankupu-kupu kangurip dadi akèh banget.[5]
Uler kang akèh banget iku uga disebabaké amargaiklim kang molah-maleh ora tinamtu.[1] Iklim kang molah-maleh uga njalaritemperatur lingkungan kang molah-malih.[1] Yèn temperatur lagi panas uler wulu saya akèh lan rikat anggoné manak.[1] Uler bisa ngendhog cacahé kurang luwih70-300endhog saben uler.[1]Uler bisa dikendalikaké nganggo mungsuh alami uler ya ikumanuk,parasitoid, lan kena uga nganggo lampuUV, lan perangkapferomon séks.[1]
Uler urip ing wit-witan kang akèh godhongé, amargagodhong wit iku kang dadi pakanné.[6] Nanging ana uga uler kang urip ing wit-wit kang tinamtu, upamané ing witjeruk, witpelem, witklapa, witpalem, witjambu.[6] Lumrahé uler-uler iki nduwé jeneng kayak wit sing ditémpléki, upamané uler kang urip ing witjeruk diarani ulerjeruk, uler kang urip ing witjambu diarani ulerjambu.[6] Yèn wayah awan uler lumrahé ngiyup ing wit-witan kang nggrembuyeng, lumrahé urip gemantung ing sakwalikégodhong.[6] Uler uga seneng ngiyup ingomah lan kandhang amarga adhem.[6]Uler wulu duwé sipat noktural ya iku uler kang aktif ing wayah bengi.[1]
Gatel kang disebabakéwulu uler bisa ditambani nganggowijirimbang.[5] Rimbang dipecah dadi loro lan digosok-gosokaké ing kulit kanggatel, wiji-wijirimbang dijarké tetep némplék ing kulit kang gatel.[5] Sawisé iku enténi kurang luwih5 nganti10menit, banjur rasa gatel sithik mbaka sihik bakal ilang.[5]Rimbang uga bisa kanggo netralakéracun kang ndadékakégatel-gatel ingkulit kang kena wulu uler.[5] Rimbang iki lumrahé digunakaké masarakatTobing Tinggi,Madina.[5]