Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Ukraina

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Aksara Latin
   
Ukraina
Украина
Gendéraning Ukraina
Gendéra
Aditamènging Ukraina
Aditamèng
Motto: Ukrayinan: Volya, zlahoda, dobro
(Basa Jawa: "Kabébasan, Kaselarasan, Kabecikan")
Gunagita: Shche ne vmerla Ukraina
Dunungpenering Ukraina
Kuthagara
lan Kutha paling gedhé
Kiev
JawatbasaUkraina
PapréntahanDhémokrasi parlementer
Kamardikan
 Banyu (%)
bisa ora digubris
Population
 Pikira-kira 2017
42.418.235(32)
 Cacahjiwa 2001
48.457.102
GKK (ITK)Pikira-kira 2005
 Gunggung
US$312,1 miliar(29)
 Saben wong
US$6.554(90)
ArtacihnaHryvnia (UAH)
Laladan wektuUTC+2
 Mangsa ketiga (AKK)
UTC+3
Kodhé bèl380
TLD internèt.ua

Ukraina iku nagara ingÉropa Wétan. Nagara iki wewatesan karoPolandia,Rumania,Moldova, lanTransnistria ing sisih kulon,Sagara Ireng ing sisihkidul,Rusia ing sisihwétan lanBelarus ing sisih lor. Nagara iki sadurungé taun1992 dadi wewengkonéUni Sovyet. Kutha krajan UkrainaKiev.

Tlatah modhern Ukraina wis dipanggoni wiwiting taun 32.000 sm. Pas abad tengahan, tlatah iki dadi puser wigati kanggo kabudayanSlavia Wetan, karo nagaraRus Kiev kang kuwat mbentuk alas jatidhiri Ukraina. Sawise keterpecahane ing abad kaping-13, tlatah iki dilombakake, dikuwasani, lan dipecah-belah dening pira-pira wisesa, yaikuLithuania,Polandia,Kasultanan Utsmaniyah,Austria-Hungaria, lanRusia. Ana loro periode kamardikan kang kedadeyan ing abad 20, kang kapisan pinuju akir Perang Donya I lan ing masa Perang Donya II, nanging loro periode iki pucukan ing teluk lan nyawijine wewengkon-wewengkon Ukraina mlebet dadi siji, yaikuUni Sovyet, kahanan kang kanggo tekan taun 1991, nalika Ukraina nggayuh kamardikane sakaUni Sovyet, age-age sawise pembubarane ing penghujungPerang Adhem.

Sawise kamardikan, Ukraina nyatakake dhiri dadi nagara netral,[1] nanging isih mertahanake kemitraan militer winates karoRusia, nagara-nagaraCIS liyane lan kemitraan karoNATO wiwiting taun 1994. ing taun 2000-an, pamarentah wiwit dhoyong marangNATO, lan kerjasama kang mendalam karo aliansi kang wis dianggit dening rencana nyambut gawe NATO-Ukraina kang ditapakasmani ing taun 2002. banjur disarujuki menawa kekajengan gabung menyang jeroNATO didahului karo pendapat nasiyonal ing masa kang arep teka.[2] Mantan presidhenViktor Yanukovych nyawang cukupe taraf kerjasama paling saiki watara Ukraina lanNATO,[3] tanpa perlu dadi anggotaNATO.[4]

Ing taun2013, protes nglawan pamarentahYanukovych pecah ing tengahing kuthaKyiv sawise pamarentah nggawe keputusan kanggo ngandheg prajanjen asosiasi Ukraina-Uni Eropa lan njalin sesambungan ekonomi kang luwih raket karoRusia. Keputusan iki njalari glombang demonstrasi lan protes lawase wewulanan kang sinebutEuromaidan, kang dadi puncak ingrevolusi Ukraina 2014 kang pucukan ing tergulingeYanukovych lan pembentukan pamarentah anyar. Prastawa iki nimbulakepencaplokan Krimea deningRusia ing sasi maret 2014, lan perang ingDonbass ing sasi kang padha; kaping loro-lorone isih kadadeyan nganti mei 2016. Ing tanggal 1 Januari 2016, Ukraina gabung karo kawasan perdhagangan mardika menyeluruh lan mendalam karoUni Eropa.[5]

Ukraina wis wiwit dhisik dadi puser cadangan pangan donya, amarga lahan pertaniane kang jembar lan subur, lan Ukraina isih dadi sawijining pengekspor paling gedhe biji-bijian ing donya.[6][7]Ekonomi Ukraina kang akeh, termasuklah sektor indhustri abot kang gedhe, mligine ing bidang penerbangan lan peralatan indhustri.

Ukraina ikunagara kesatuan kang aruparepublik kang nganut sistemsemipresidensial karoTrias Politica:legislatif,eksekutif, lanyudhikatif. Kutha krajan lan kutha paling gedhene yaikuKyiv. ukraina ngingu militer paling gedhe kaping loro ingEropa, sawiseRusia, menawa personel cadangan lan paramiliter tumut diitung.[8] Nagara iki iku dadi omah nggo 34 yuta manungsa (kalebuKrimea),[9][10] 78% ing antarane yaiku wangsa Ukraina adhedhasar etnisitas, ditumuti dening wangsaRusia kang dadi minoritas dominan (17%) uga wangsaRumania/Moldova,Belarus,Tatar,Krimea, lan wangsaHungaria.Basa Ukraina dadi basa resmi Ukraina; abjade yaikuAksara Kirilik. Agama utama ing nagara iki yaikuKristen Ortodoks, kang pengaruhi banget arsitektur, susastra, lan musik Ukraina.

Etimologi

[besut |besut sumber]

Ana pira-pira hipotesis kang beda ngenani etimologi Ukraina. Manut hipotesis kang luwih tuwa lan paling kasebar jembar, ukraina ateges "lemah pawatesan",[11] sawetara iku kajian-kajian kebahasaan kang luwih nembe mendaku makna kang seje: "pertiwi" utawa "tlatah, nagara".[12]

aing saperangan gedhe abad kaping-20, Ukraina sinebut jroning donyabasa Inggris] karo diwiwiti karo siji artikel takrif, yaiku"The Ukraine".[13] Iki amarga tembung ukraina nduweni artii "lemah pawatesan", lan jroning basa inggris kudu didahului siji artikel; iki memper karo"Nederlanden" (Belanda), kang ateges "lemah endhep" lan sinebut jroning basa Inggirs dadi"The Netherlands".[14] Nanging, wiwit deklarasi kamardikan Ukraina ing 1991, panggunaan artikel takrif jero araning nagara kasebut dadi luwih arang, lan akeh pedoman gaya menghimbau kanggo ora migunakake.[15][16] Manut Duta GedheAmerika Serikat,William Taylor, migunakake"The Ukraine" menyiratkan keabaian kanggo kadhaulatan ukraina.[17] Posisi resmi ukraina yaiku menawa"The Ukraine" salah, becik kanthi tata basa utawa pulitik.[18] Posisi resmi Ukraina adalah bahwa "the Ukraine" salah, baik secara tata bahasa maupun politik.[14]

Sejarah

[besut |besut sumber]

Sejarah Dini

[besut |besut sumber]
Kalung utawa syal emasSkithia, warisan krajanKurgan diPokrov pada abad ke-4 SM.

PermukimanNeanderthal ing Ukraina katon ing jero situs-situs arkeologiMoldova (43.000-45.000 SM) kang ngemot hunian kang kagawe saka balungMammoth.[19] Ukraina uga diduga dadi lokasi kanggo manungsa kanggo menjinakkan lan ngrawatjaran.[20][21][22][23] Wektujaman wesi, tlatah iki uga dadi papan manggon sukuKimmeri wangsaSkithia, lan wangsaSarmatia. Ing watara 700-200 SM, tlatah iki dadi perangan saka karajanSkithia.[24]Pendudukan manungsa modhern ing Ukraina lan laladan sawatarane diwiwiti ing taun 32.000 SM, karo bukti peradhabanGravetium ing pegununganKrimea.[25][26] Ing taun 4.500 SM, peradhabanKukuteni lanTripilia kang bercorakNeolitikum tumuwuh kembang sajroning tlatah kang jembar kang mencakupi ukraina modhern kalebu Tripilia lan kabehing tlatah kaliDnieper-Dniester. ingjaman wesi, dharatan iki dipanggoni dening wangsaKimmeri,Skithia, lanSarmatia.[27] Watara taun 700 sm lan 200 sm tlatah iki dadi perangan saka karajanSkithia.Banjur, koloni-koloniYunani Kuna,Romawi Kuna, lanImperium Bizantium, kayaTiras,Olbia, lanKersonesus didhirikake, diwiwiti ing abad 6 SM, ing pasisir lor-wetan ireng, lan ngembang apik tekan abad 6 masehi. WangsaGoth manggon ing tlatah iki nanging dadi ing ngisoring pengaruh wangsaHun wiwiting taun 370 masehi. Ing abad 7 masehi, tlatah wetan ukraina dadi puserBulgaria raya. Ing akir abad 7, saperangan gedhe suku-sukuBulgar sumebar menyang sawetara arah, lan wangsaKhazar njupuk alih saperangan gedhe tlatah iki.

Rus Kiev

[besut |besut sumber]
Artikel utama:Rus Kiev
Pembaptisan Pangeran Gedhe Vladimir nandhani ditampane ajaranKristen ingRus Kiev.

Rus Kiev didhirikake dening wangsaRus, kang asale sakaSkandinavia ngliwatiLadoga lan bermukim ingKiev wataraning taun 880 masehi. Rus Kiev kalebu perangan tengah, kulon, lan lor Ukraina modhern,Belarus, bentang-membujur ing wetan adohPolandia lan sisih kulonRusia modhern. Manut kronika primer kaum elitRus ing wiwitane yaiku wong-wongVarangia sakaSkandinavia.

Ing abad 10 lan 11,Rus Kiev dadi nagara paling gedhe lan paling kuwat ingEropa.[28] Rus Kiev ndokok dhasar nggo jatidhiri kabangsan ukraina lanRusia.[29]Kiev, ibu kutha Ukraina modhern, dadi kutha paling wigati kanggo wangsaRus.

Peta Kepangeranan ingRus Kiev, 1054–1132

WongVarangia banjur berasimilasi menyang jero populasiSlavia lan dadi perangan saka dinastiRus kapisan, dinastiRurik. Rus Kiev kabangun saka pira-pira kepangeranan kang dikuwasani dening para"Knyaz" ("pangeran") kang padha-padha saduluran saka dinastiRurik, kang asring bertikai siji karo liya kanggo nguwasaniKiev.

Jaman keemasanRus Kiev diwiwiti karo bertahtaneVladimir I (980–1015), kang ngowah wangsaRus dadi para pemelukKristen Ortodoks. Lawase puterane bertahta,Yaroslav kang wicaksana (1019–1054), Rus Kiev nggayuh pucuking pengembangan budaya lan kekuwatan militere. Nagara iki banjur age-age terpecah-pecah amarga kawigaten relatif kekuwatan regional bali gumregah. Sawise kebangkitan pungkasan ing ngisor wisesaVladimir II monomakh (1113–1125) lan putera kapisananMstislav I sakaKiev (1125–1132), Rus Kiev terpecah-pecah dadi pira-pira kepangeranan kang padha-padha kapisah sawiseMstislav I mangkat.

EkspansiMongol menyangRus ing abad 13 masehi wis ngancurakeRus Kiev.Kiev ngalami ajur total ing 1240.[30] Ing dhuwuring tlatah Ukraina modhern, muncullah kepangerananHalych lanVolodymyr-Volynskyi, lan digandengake dadiHalych-Volynia.[31]

Danylo Romanovych (Daniel I saka Galisia utawaDanylo Halytskyi), putera sakaRoman Mstyslavych, nggabungake maneh kabehRus sisih kidul-kulon, kalebuVolhynia,Galisia, lan ibu kutha lawasRus,Kiev. Danylo dimahkotai dening uskup agung kepausan ingDrohiczyn ing taun 1253 dadi raja kapisan kanggo wangsa Rus. Ing ngisor tahta Danylo, karajanGalisia–Volhynia ya iku sawijining nagara paling kuwat ing eropah tengahing sisih wetan.[32]

Demografi

[besut |besut sumber]

Miturut Sensus Ukrainia (2001), etnis Ukrainia dadi 77,8% saka populasi. Klompok penting liyane ngaku minangka etnisRusia (17,3%);Belarus (0,6%);Moldova (0,5%);Tatar Krimea (0,5%),Bulgaria (0,4%),Hungaria (0,3%);Romania (0,3%),Polandia (0,3%);Yahudi (0,2%);Armenia (0,2%);Yunani (0,2%); lanTatar (0,2%)[33] Kawasan-kawasan industri di timur dan tenggara adalah yang paling banyak populasinya, dan kira-kira 67,2% populasi menetap di perkotaan.[34] Kawasan industri ing sisih wétan lan kidul-wétan minangka sing paling padhet, lan kira-kira 67,2% saka populasi manggon ing kutha.Ukraina nduwe salah sawijining distribusi penghasilan sing paling rata adhedhasar pangukuran koefisienGINI lanrasio Palma.

Uga delengen

[besut |besut sumber]
  • Leviv, siji kutha gedhé ing Ukraina.
  • Odésa, siji kutha gedhé ing Ukraina.
  • Vyshyvanka, corak klambi tradhisiyonal Ukraina.

Pranala Njaba

[besut |besut sumber]


Artikel iki minangkaartikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédiangembangaké.

Referensi

[besut |besut sumber]
  1. "Declaration of State Sovereignty of Ukraine".Verkhovna Rada of Ukraine. Diarsip sakasing asli ing 27 September 2007. Dibukak ing24 December 2007.
  2. Masalah sitiran: Tenger<ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jenengwbook06
  3. "NATO confirms readiness for Ukraine's joining organization". Kyiv Post. 13 April 2010. Diarsip sakasing asli ing 16 April 2010.{{cite news}}:Unknown parameter|dead-url= ignored (|url-status= suggested) (pitulung)
  4. Richard Balmforth (7 January 2010)."Yanukovich vows to keep Ukraine out of NATO".Reuters. Diarsip sakasing asli ing 2015-09-24. Dibukak ing20 October 2015.{{cite news}}:Unknown parameter|dead-url= ignored (|url-status= suggested) (pitulung)
  5. Masalah sitiran: Tenger<ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jenengEuropean Commission Trade Ukraine
  6. "Ukraine becomes world's third biggest grain exporter in 2011 – minister" (Press release). Black Sea Grain. 20 January 2012. Diarsip sakasing asli ing 31 December 2013. Dibukak ing31 December 2013.{{cite press release}}:Unknown parameter|deadurl= ignored (|url-status= suggested) (pitulung)"Salinan arsip". Diarsip sakasing asli ing 2013-12-31. Dibukak ing2016-05-30.{{cite web}}:Unknown parameter|dead-url= ignored (|url-status= suggested) (pitulung)
  7. "World Trade Report 2013". World Trade Organisation. 2013. Dibukak ing26 January 2014.
  8. IISS 2010, pp. 195–197
  9. Masalah sitiran: Tenger<ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jenengpop
  10. "Ukraine – Population".CountryEconomy.com. 2015. Dibukak ing20 October 2015.
  11. Stay informed today and every day (5 February 2014)."Linguistic divides: Johnson: Is there a single Ukraine?". The Economist. Dibukak ing12 May 2014.{{cite news}}:Unknown parameter|subscription= ignored (pitulung)
  12. Hryhoriy Pivtorak.Походження українців, росіян, білорусів та їхніх мов[The origin of Ukrainians, Russians, Belarusians and their languages] (ing basa Ukraina). Dibukak ing21 October 2015.
  13. "Definition of UKRAINE".www.merriam-webster.com (ing basa Inggris). Dibukak ing2022-05-13.
  14. 12Geoghegan, Tom (2012-06-07)."Ukraine or the Ukraine: Why do some country names have 'the'?".BBC News (ing basa Inggris Karajan Manunggal). Dibukak ing2022-05-13.
  15. "The "the" isgone".ukrweekly.com (ing basa Inggris).The Ukrainian Weekly. 8 Desember 1991. Diarsip sakasing asli ing 14 Oktober 2017. Dibukak ing13 Mei 2022.{{cite web}}:Check date values in:|access-date= and|date= (pitulung)
  16. Taylor, Adam (9 Desember 2013)."Why Ukraine Isn't 'The Ukraine,' And Why That Matters Now".businessinsider.com (ing basa Inggris). Diarsip sakasing asli ing 9 Desember 2013. Dibukak ing13 Mei 2022.{{cite web}}:Check date values in:|access-date=,|date=, and|archive-date= (pitulung)
  17. Zezima, Katie (25 Maret 2014)."'Ukraine' or 'the Ukraine'? It's more controversial than you think".Washington Post (ing basa Inggris Amérika Sarékat).ISSN 0190-8286. Dibukak ing2022-05-13.
  18. Zezima, Katie (25 Maret 2014)."'Ukraine' or 'the Ukraine'? It's more controversial than you think".Washington Post (ing basa Inggris Amérika Sarékat).ISSN 0190-8286. Dibukak ing2022-05-13.
  19. Richard Gray (18 December 2011)."Neanderthals built homes with mammoth bones". London: Daily Telegraph. Dibukak ing8 January 2014.
  20. "Mystery of the domestication of the horse solved: Competing theories reconciled". www.sciencedaily (sourced from the University of Cambridge). 7 May 2012. Dibukak ing12 June 2014.
  21. MatossianShaping World History p. 43
  22. "What We Theorize – When and Where Did Domestication Occur".International Museum of the Horse. Diarsip sakasing asli ing 23 July 2013. Dibukak ing12 December 2010.
  23. "Horsey-aeology, Binary Black Holes, Tracking Red Tides, Fish Re-evolution, Walk Like a Man, Fact or Fiction".Quirks and Quarks Podcast with Bob Macdonald. CBC Radio. 7 March 2009. Diarsip sakasing asli ing 7 October 2014. Dibukak ing18 September 2010.
  24. "Schytian: ancient people".global-brittanica.com (ing basa Inggris). 14 November 2014. Diarsip sakasing asli ing 27 Maret 2017. Dibukak ing14 Mei 2022.{{cite web}}:Check date values in:|access-date= (pitulung)
  25. Sandrine Prat; Stéphane C. Péan; Laurent Crépin; Dorothée G. Drucker; Simon J. Puaud; Hélène Valladas; Martina Lázničková-Galetová; Johannes van der Plicht; Alexander Yanevich (17 June 2011)."The Oldest Anatomically Modern Humans from Far Southeast Europe: Direct Dating, Culture and Behavior". plosone. Dibukak ing21 June 2011.
  26. Jennifer Carpenter (20 June 2011)."Early human fossils unearthed in Ukraine". BBC. Dibukak ing21 June 2011.
  27. "Scythian".Encyclopædia Britannica. Dibukak ing21 October 2015.
  28. "Ukraine".CIA World Factbook. 13 December 2007. Diarsip sakasing asli ing 2016-07-09. Dibukak ing24 December 2007.{{cite web}}:Unknown parameter|dead-url= ignored (|url-status= suggested) (pitulung)
  29. "Kievan Rus".The Columbia Encyclopedia (édhisi ka-6). 2001–2007. Diarsip sakasing asli ing 19 August 2000. Dibukak ing8 January 2014.
  30. "The Destruction of Kiev".University of Toronto's Research Repository. Diarsip sakasing asli ing 27 April 2011. Dibukak ing3 January 2008.{{cite web}}:Unknown parameter|dead-url= ignored (|url-status= suggested) (pitulung)
  31. "Roman Mstyslavych".www.encyclopediaofukraine.com.
  32. "Daniel Romanovich".Encyclopædia Britannica. 2007. Britannica Concise Encyclopedia. 23 August 2007
  33. "Population by ethnic nationality, 1 January, year".ukrcensus.gov.ua. Ukrainian Office of Statistics. Diarsip sakasing asli ing 17 December 2011. Dibukak ing17 April 2010.{{cite web}}:Unknown parameter|deadurl= ignored (|url-status= suggested) (pitulung)
  34. "Ukraine – Statistics".United Nations Children's Fund (UNICEF). Diarsip sakasing asli ing 2019-04-03. Dibukak ing7 January 2008.{{cite web}}:Unknown parameter|dead-url= ignored (|url-status= suggested) (pitulung)
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Ukraina&oldid=1732001"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2026 Movatter.jp