Truwèlu, utawaTrewelu, utawaterwèlu utawa ingBasa Inggris diaraniHare kalebu kulawarganingleporidae lan genusélepus. Kéwan iki sadulur karoKelinci. Kéwan iki pinter ing colong playu, lan playuné bisa nganti 70 km/ jam. Uripé ya dhèwèkan utawa karo pasangané waé.
Bedané karo kelinci ya iku: sikil mburiné truwèlu luwih dawa lan kuwat ketimbang kelinci, lan wiwit lair, truwèlu wis ana wuluné uga wis bisa ndeleng isining jagat.
Kéwan iki uga isinan tur wedèn, yèn anamanungsa, langsung colong playu. Ing nagara-nagaraWalanda, truwèlu bisa malih warna pinuruting mangsa. Ing mangsa katiga, warnané dadi coklat utawa klawu, nanging ing mangsa salju, warnané bisa dadi putih kaya kapas. Malih warna iki dimaksudké supaya ora katon karo kéwan-kéwan liyané sing mangan truwèlu kaya tacerpele,srenggala lan sapanunggalé.
 | Wikimedia Commons duwé médhia ngenaniLepus. |