Artikel iki preludirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikelWikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawawikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak.
Trombosit
Gambar sakingmikroskop cahya kanthi perbesaran 40X saking apusan getih pinggir kang dikupengi sel-sel getih abang (eritrosit). Setunggal trombosit ingkang normal saged dipunpirsani ing sisih kiwa inggil gambar (ungu) lan mesthinipun langkung alit kanthi ukuran saking ukuran eritrosit. Kalih trombosit ingkang ageng (ungu wonten nodanipun) ugi saged katingal.
Trombosit utawikeping getih(Keping darah, lempeng darah) (en:platelet,thrombocyte) (el:θρόμβος - "klot" danκύτος - "sel") inggih punika sèlanuclearnulliploid (boten gadhah inti sèl (nukleus) wonten ing DNA-nipun) kanthi mbentuk wangun ingkang boten rapi kanthi ukurandiameter 2-3 µm[1] ingkang minangkafragmentasi sakingmegakariosit.[2]. Trombosit kesirkulasi ing salebetinggetih lan ndhèrèk ing mekanismehemostasis tingkat sèl ing prosèskoagulasi kanthi mbentuktrombus. Perbandhinganplasma getih trombosit normal udakawis 200.000-300.000 keping/mm³, gunggung sangandhapipun kasebat saged anjalariperdarahan, déné manawi wonten sanginggilipun rentang gunggung punika saged mindhakakenresikotrombosis.
Trombosit gadhah wangun ingkang boten teratur, boten wonten warninipun, ukuranipun langkung alit tinimbangeritrosit kaliyanleukosit, ugi gampil pecah manawi kedemèk piranti atos utawi kasar.
Adatipun, ukuran trombosit inggih punika diamèteripun 2-3 mikron, nanging wangun ingkang ageng tuwuh nalika prodhuksi mindhak.[3] Prodhuksi punika dipunkendhalèkaken déningthrombopoietin. Trombosit tahan sadangunipun 8-10 dinten kaliyan gunggung paling inggil kadadosan sepalih dinten dangunipun.[3] Sawatawisobat saged mindhakaken gunggungipun trombosit kanthi ngrangsang prodhuksi thrombopoietin.[3]
Trombosit gadhang kagunan utama kanggé mbekukaken getih, saéngga boten kathah getih ingkang kabucal nalika kadadosan perdharahan.[4] Trombosit ugi gadhah kaginan sanès, inggih punika migunani sanget kanggé kekebalan badan, inggih punika nguwataken daya tahan badan.[4] Nalika kadadosan tatu, trombosit punika ngempal ing tatu lajeng mbeku saéngga saged nutup tatunipun. Lajeng trombosit kasebat nedahakenbaktèri tumujulimpa.[4] Salajengipun, baktèri kasebat dikupengi déning slè-sèl dendritik kang kaginanipun minangka sèl daya tahan badan.Respon daya tahan badan punika ingkang nelasaken baktèri ingkang wonten ing tatu.[4]
Aji normal trombosit ing tiyang diwasa inggih punika 150.000-400.000 sel/mm3, déné anak 150.000-450.000 sel/mm3. Aji trombosit ingkang sangandhapipun aji normal dipunwastanitrombositopenia, ingkang saged pinanggih ing lelarademam berdarah dengue,anemia,tatu bakar,malaria, lansepsis. Aji ambang ingkang mbebayani inggih punika kirang saking 30.000 sel/mm3.[5]Déné aji trombosit ingkang inggil sakingg aji normal dipunwastani 'trombsitosis, ingkang saged pinanggih ing lelarasirosis,polisitemia, ibu ingkang nembé ngandhut, sasampunipun ulah raga, lan tiyang ingkang gadhah oenyakitjantung. Padatanipun trombositosis boten mbebayani, kejawi manawi aji trombosit ngantos langkung saking 1.000.000 sel/mm3.[5]
Trombosis inggih punika lelara amargi pembentukan bekuan getih (trombus) ing salebetipun pembuluh getih ngalangi ilinipun getih lumantar sistem peredaran getih. Nalikanipun pembuluh getih tatu, badan ngginakaken trombosit lan fibrin kanggé mbentuk bekuan getih. Amargi langkah sapisan nalika ndansosi (hemostasis) inggih punika nyegah icalipun getih. Manawi mekanisme ingkang anjalari kathah pembekuan, lan bekuan ngaso bébas, kawentukembolus. Sabab utama ingkang njalari trombosis inggih punika aji trombosit ing getih ingkang langkung kathah tinimbang aji normal.[6]
ITP (Immune Thrombocytopenic Purpura) inggih punika salah satunggaling kelainan getih ingkang jalaranipun sesambetan sanget kaliyan sistem imun utawi kekebalan badan manungsa. ITP punika kelainan ing sel pembekuan getih utawi trombosit ingkang gunggungipun mandhap, saéngga nuwuhaken perdharahan. Normalipun aji trombosit 150.000-450.000 per mm3, nanging ing tiyang ingkang kénging lelara ITO gunggungipun namung 20.000-25.000 per mm3. Ciri lelara ITP inggih punikakulit asring katingal radi biru,gusi asring getihen, sarta asringmimisen. Amargi trombosit mandhap terus, lelara ITP punika asring dipunanggep Demam Berdarah (DB).[7]
↑Campbell, Neil A. (2008).Biology (édhisi ka-8th). London: Pearson Education. kc. 912.ISBN978-0-321-53616-7.Platelets are pinched-off cytoplasmic fragments of specialized bone marrow cells. They are about 2-3µm in diameter and have no nuclei. Platelets serve both structural and molecular functions in blood clotting.
↑Tom Strachan, Andrew P Read (1999).Human Molecular Genetics.University of Newcastle, University of Manchester (édhisi ka-2). Wiley-Liss. kc. Figure 2.4. Some cells form by fragmentation or fusion of other cells.ISBN1-85996-202-5. Dibukak ing2010-08-12.