Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Trijatha

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Dewi Trijatha

Trijatha inggih punika putri pambayunipun GunawanWibisana saking negriAlengka kaliyanDewi Triwati, putri titisanipun Sanghyang Taya. Dewi Trijatha punika putri ingkang ayu sanget, gadhah sipat ingkang sarèh, jatmika, andhap asor, kaliyan setya. Dewi Trijatha kathah sanget pambiyantunipun marang Dewi Sinta, inggih punika ngréncangi, ngayomi, sarta ngladosi Dewi Shinta nalika diculik déningRahwana lan kedah cumondhok wonten ing Alengka. Trijatha ingkang tansah ngréncangi Dewi Shinta ingTaman Soka.

Trijatha saged ngayomi Dewi Shinta ingkang badhé kajamah déning Rahwana, saéngga damel Rahwana duka. Saking dukane, Rahwana ngedalaken panguman-uman, inggih punika ing samangké Trijatha bakal gadhah garwakethèk ingkang sampun sepuh. Trijatha dados sedhih sanget penggalihipun, nanging Dewi Shinta nglipur panjenengané manawi sanadyan garwanipun awujud kethèk nanging putrinipun saged sesandhingan kaliyan titisanipun BatharaWisnu. Pungkasanipun Trijatha dados garwanipun KapiJembawan, kethèk sepuh ingkang dados pamomongipunSubali kaliyanAnoman. Jembawan saged dados garwanipun Dèwi Trijatha kanthi cara malih praupan dadosLesmana saéngga saged ngrayu Dèwi Trijatha. Trijatha gadhah putri ingkang namanipunDèwi jembawati ingkang sasampunipun diwasa dados garwanipun PrabuKresna, raja negriDwarawati. Sasampunipun perang Alengka, Trijatha kaliyan kulawarganipun manggèn ing pertapan Gandamana.

Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Trijatha&oldid=1296983"
Kategori:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp