![]() | |
Tipe | TVsatelitberlangganan |
---|---|
Negara | ![]() |
Jangkauan | Nasional |
Diluncurkan | Mèi 7, 1997; 27 taun kapungkur (1997-05-07) (minangka TelkomVision)Mèi 23, 2014; 10 taun kapungkur (2014-05-23) (minangka Transvision) |
Pemilik | Trans Corp |
Afiliasi | Trans TVTrans7 |
Situs web | www |
Transvision (biyèné dikenal minangkaTelkomVision) ya iku salah siji anak perusahaanTrans Corp kang bergerak ing babaganstasiun télévisiberlangganan kanthi kantor pusat kang ana ingJakarta,Indonésia. Saiki Transvision mènèhi layanan giyarantélévisi satelitberlangganan. Transvision nyiaraké siarané lumantar satelit Telkom-1 (C-Band).[1]
Transvision diadegaké nalika tanggal 7 Mèi 1997 kanthi jeneng TelkomVision déning patang perusahaan konsorsium ya ikuPT Telekomoenikasi Indonésia, Tbk (Telkom),PT Radjawali Tjitra Televisi Indonésia (RCTI), PT Telekomindo Primabhakti lan PT Datakom Asia lan banjur tuwuh lan ngrembaka sajeroning bisnis giyaran télévisiberlangganan ingIndonésia.
Bebarengan karo perkembangan bisnis mau, TelkomVision ngalami pira-pira owah-owahan struktur kepemilikan saham lan Telkom nganti salah sijiBUMN sisan perusahaan telekomunikasi gedhé dhéwé ing Indonésia nyoba kanggo tetep eksis dadi pemegang saham mayoritas TelkomVision kanti kepemilikan saham saiki kang gedhene 99,54 % lan 0,46% saham TelkomVision diduwèni dning PT Moeltimedia Noesantara (METRA) kanti total modal dipanggonake lan disetor ya iku Rp. 647,5 Milyar posisi 31 Dhésèmber 2011.[2]
Minangka perusahaan kang mayoritas sahamé diduwèni déning Telkom sisan dadi siji-sijiné TIME operator ing Indonésia, Transvision diposisikaké minangka bisnis médhia lan edutainment kang wujud pérangan sajrone bisnis TIME (Telecommunication, Information, Media and Edutainment) mau, saéngga kedepan bisnis télévisi berlangganan Transvision bakal terus dikembangake baik saka sisih program, jinis lan médhia layanan kanti inovasi-inovasi paling anyar.
Produk layanan DTH (direct to home)prepaid (prabayar) ddi andalan Transvision sisan pelopor kanggo bisnis télévisi berlangganan duwéne pamaréntah iki nganti saiki, kanti layanan mau pelanggan digampangake kanggo milih program kanti rega kang murah banget. Kanggo ngembangaké pelanggan DTHpostpaid (pascabayar) Transvision nglakokaké sinergy karo Telkom kanti ngluncurake bandling produk Speedy-YES TV kanti target market sekabehane pelanggan Speedy Telkom sajrone ngoptimalaké kerjasama sinergy Telkom Group.
Bebarengan tuntutan perkembangan indhustri kang berbasis médhia lan edutainment kang selot beragam lan dinamis, wiwit taun 2011 TelkomVision teka kanti logo lan semangat anyr kanggo nguwatake komitmen lan posisiné minangka panyadia layanan TV berbayar kang paling apik marang pelanggan liwat program-programé kang inspiratif, kang ditujokaké kanggo nyugihake kauripne pelanggannya. Logo anyar TelkomVision ngangkat tema madani bintang kang nunjuk kaping 5 arah kang nglambangaké harmonisasi antaraé 5 elemen kauripan, sarta visi TelkomVision kang gabungake pira-pira layanan multimedia.
Cathetan:
![]() | Wikimedia Commons duwé médhia ngenaniTelkomVision. |