Salib Occitan, simbol Toulouse lan budaya Occitan lainéToulouse (Tolosa ing basaOccitan) iku kutha ing kidul-kulonPrancis dumunung ing gisikingKali Garonne, ana ing satengah dalan antaraSamodra Atlantik lanSagara Mediterania. Amarga populasi cacahé 1,05 yuta jiwa ing taun 2004, laladan metropolitan Toulouse minangka kutha gedhé dhéwé kapindho ingPrancis kidul minangka salah siji sing tuwuh paling rikat ingÉropa. Toulouse minangka basis indhustri pamaburan ingÉropa dadi papan markasAirbus. Toulouse iku mantan kutha krajan provinsiLanguedoc (sistem provinsi dibusak sesuwénéRevolusi Prancis). Saiki minangka kutha krajan laladan (région)Midi-Pyrénées, région gedhé dhéwé ing Prancis nanging mung setengah ukuran provinsi sing mbiyènLanguedoc. Saliyané iku, Toulouse uga déadi préfecture (kutha krajan) départementHaute-Garonne. Kutha iki uga dadi papanAcadémie des Jeux Floraux, sing sajajar karoAkademi Prancis kanggo laladan pertuturanOccitan ing[Prancis kidul, agawé Tolouse dadi kutha krajan ora resmi kanggo kabudayanOccitan.Salib tradhisionalOccitan diadhopsi dadi simbol kutha Toulouse lan laladanMidi-Pyrénées. Toulouse duwé kutha kembar ya iku:Atlanta (Amérika Sarékat),Chongqing (Républik Rakyat Cina),Tel Aviv (Israèl),Kiev (Ukraina),Bologna (Italia), lanElche (Spanyol).
Populasi | Laladan Parkuthakan | Laladan Metropolitan |
---|
1801 | 50.171 |
---|
1851 | 95.277 |
---|
1872 | 126.936 |
---|
1911 | 149.000 |
---|
1936 | 213.220 |
---|
1946 | 264.411 |
---|
1954 | 268.865 |
---|
1962 | 329.044 |
---|
1968 | 439.764 | 474.000 |
---|
1975 | 509.939 | 585.000 |
---|
1982 | 541.271 | 645.000 |
---|
1990 | 650.336 | 797.373 |
---|
1999 | 761.090 | 964.797 |
---|
Cithakan:Préfecture saka département ing PrancisCithakan:Préfecture saka région ing PrancisCithakan:Komune ing Haute-Garonne