Tornado ya iku kolom udara muter kanthi banter kang gawé gayutan antaranéméga cumulonimbus utawa ana ing kadadéan langka saka dasaré méga cumulus karo lumahing bumi.[1] Tornado metu racaké ukurane ora padha, lan racaké tornado iku minangka corong kondensasi sing wanguné kayakukusan kang pucuk ngisor kang ngambah lemah iku wujudé cilik lan lumrahé terus dikubengi karo puing-puing.[1]Lumrahé tornado kecepatane bisa nganti 177km/jam utawa luwih kanthi rata-rata jangkauane ya iku 75 m lan bisa lumaku nganti pirang-pirang kilomèter sadurungé ilang.[1] Ana uga tornado kang kecepatane bisa nganti kecepatan angin punjul 300–480km/jam la tornado iku ambané bisa nganti sakmil luwih utawa 1.6km lan ana ing lemah bisa nganti 100km adohe.[1]