Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Titanic (film 1997)

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Titanic
DisutradaraniJames Cameron
Diprodhuseri
  • James Cameron
  • Jon Landau
Ditulis déningJames Cameron
Dibintangi
DimusikiJames Horner
SinématografiRussell Carpenter
Dibesut déning
  • Conrad Buff
  • James Cameron
  • Richard A. Harris
Perusahaan
prodhuksi
Dibabar déning
Tanggal metu
Suwéné
194 menit
NagaraAmérikah Sarékat
BasaInggris
Rantaman$200 juta

Titanic iku sawijiningfilem romantis lan bencana ingAmérikah Sarékat kang digawé taun1997.[2] Sekenarione digawé denig sutradarane dhéwé ya ikuJames Cameron.[2]Film iki nyaritakaké babagan Jack lan Rose (diparagani déningLeonardo DiCaprio lanKate Winslet) kang padha-padha tresnane nanging dhèwèké kaloron duwé status sosial kang béda ing dhuwur kapalRMS Titanic kang keleb tanggal15April1912.[2]

Ide carita Cameron rikala nggawéfilem iki éntuk saka batang kapalRSM Titanic, dhèwèké pengen nerusaké pesen émosional saka kadadéan iku lan mikir yèn carita babagan katresnan kang diselang-seling karo bencana lan kepaten wigati kanggo nyipta pesen mau.[3]Film iki digawé wiwit taun1995.[3] Rekontruksi kapalTitanic digawé ing Playas de Rosarito, BajaCalifornia.[3] Model skala lan teknik Computer-Generated Imagery (CGI) uga dianggo kanggo nggambaraké kelebe kapal mau.[3]Film iki didanai déning Paramount Pictures lan 20th Century Fox.[3] Rikala semono Titanic dadifilem kang paling larang sing tahu digawé, anggarane kira-kira nganti $200 juta.[3]

Titanic éntuk14 nominasi ing acara Academy Awards taun1998 lan bisa menang11 ing antawise, kelebu Film kang paling apik lan Sutradara paling apik.[3]Film iki uga didadèkakéfilem kang paling laris sadawané mangsa suwéné12 taun lan nembé taun2010 filem iki dikalahake déningfilemJames Cameron liyané kang judhuleAvatar.[3] Ukara paribasan kang misuwur sakafilem iki ya iku"nothing on earth could come between them" utawa ing basa Indonesia"tiada sesuatu pun di bumi yang sanggup memisahkan mereka" lan yèn diJawake “Ora ana siji-sijia ing donya iki kang saguh misahake dhèwèké kaloron”.[3] Tanggal4April2012, versi3 dhimènsi sakafilem iki diputerake ig biyoskup (versi iki kereb diwartani Titanic 3D).[3] Diputerake manèh kanggo mengeti100 taun kelebe kapalRSM Titanic.[3]

Paraga Film Titanic

[besut |besut sumber]

Cathetan suku

[besut |besut sumber]
  1. 123"Titanic (1997)".Film & TV Database. British Film Institute. Diarsip sakasing asli ing August 2, 2011. Dibukak ingJuly 29, 2011.
  2. 123film titanic (dipunundhuh tanggal 19 Dhésèmber 2012)
  3. 1234567891011ngomongin film Titanic[pranala mati permanèn] (dipunundhuh tanggal 19 Dhésèmber 2012)
  4. 12345678910Titanic (dipunundhuh tanggal 19 Dhésèmber 2012)
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Titanic_(film_1997)&oldid=1677687"
Kategori:

[8]ページ先頭

©2009-2026 Movatter.jp