Timun (Cucumis sativus;suku labu-labunan utawaCucurbitaceae) utawabontèng yaiku tuwuhan kang ngrambat.[1] Timun lumrahé ditandur anasawah lan tegalan.[1] Padatan, timun digawé rujak utawa jangan.[1] Ing Indonésia, timun lumrahé digawéacar supaya bisa ngundhakaké nepsu mangan.[2]Timun uga bisa minangka ngedunketensi.
Timun duwé pirang-pirang kandhungan antarané saponin,protéin,lemak,kalsium,fosfor,dat wesi,welirang,vitamin A,vitamin B1, lanvitamin C.[1] Wiji timun duwé kandhunganvitamin E akèh. Timun kang isih mentah bisa nambani sariawan lan ngundhakaké stamina.[1]Saliyané iku, timun uga duwé kandhungan flavonoida lan polivenol kang bisa nyegah lelara radhang, asem malonat uga ana ing timun.[1] Asam iki bisa ngurangi kadhar gula supaya ora malèh dadi lemak marga yèn dadi lemak bakal gawé lemu.[1] Kandhungan seraté kang dhuwur, bisa nglancaraké bebuwang, mudhunakékolesterol lan netralaké racun.[1] Timun uga duwé kandhungan kukurbitasin C kang duwé kasiyat bisa ngundhakaké kebaling badan lan nyegah hépatitis.[1]