Timor Wétan utawaTimor-Leste utawaTimor Lorosa'e iku nagara ingAsia. Nagara iki wewatesan karoIndonésia lanAustralia. Wewengkon mligi dumunung ana ing sisih wétanpulo Timor, nanging saliyané iku wewengkon nagara iki uga nyakup pulo Kambing utawaAtauro,Jaco, laneksklaveOecussi-Ambeno ingTimor Kulon. Kutha krajané yaikuDili.Minangka sawijining nagara sempalan saka Nagara Kesatuan RépublikIndonésia, Timor Wétan kanthi resmimardika ing tanggal20 Mèi2002. Nalika Timor Wétan dadi anggotaPBB, nagara iki mutusaké nganggo jeneng asal Portugis yaiku "Timor-Leste" minangka jeneng resmi nagara.
1999: Campuh antara pro-lan anti-kamardikan lan pangungsèn warga Timor Wétan
2002: Madegé nagara Timor Wétan
2006: Saprotelon mantan wadya nasional Timor Wétan mbaléla nuntut kaadilan; pecah konflik antara pihakpulisi kang njurung pamaréntah nglawan pihak militèr
Kepala NagaraRépublik Timor Wétan yaikuprésidhèn, kang dipilih kanthi langsung kanthi mangsa ngabekti 5 taun. Sanajan fungsiné mung seremonial waé, présidhèn uga duwé hak veto undhang-undhang.Mahamantri dipilih ing pamilihan multi parté lan diangkat/ditunjuk saka parté mayoritas sawijining koalisi mayoritas. Minangka kepala papréntahan, Mahamantri ngepalani Dewan Mantri utawaKabinet.
Parlemèn Timor Wétan mung dumadi sakasiji kamar waé lan ingaranParlamento Nacional. Anggotané dipilih kanggo mangsa kalungguhan limang taun. Jumlah kursi ing parlemèn antara 52 lan 65 nanging wektu iki cacahé ana 65. Undhang-Undhang Dhasar Timor Wétan didhasaraké konstitusiPortugal.
Angkatan Bersenjata Timor Wétan yaikuFALINTIL-FDTL (F-FDTL), déné angkatan kapulisèné yaikuPNTL (Polícia Nacional Timor-Leste).
Timor Wétan péngin bisa eksploitasilenga patra ing tlatahCelah Timor (Timor Gap), nanging kaya-kaya angèl kanggo ngéntukaké dévisa kang gedhé ing Celah Timor amargaAustralia wis ngiming-imingi Timor Wétan kanthi pengelolaané lan Australia éntuk 80% saka kasilé lan sisané diwènèhaké marang Timor Wétan. Australia uga ngalang-alangi Timor Wétan supaya ora bisa nguwasani Celah Timor kanthi penuh, kanthi ngulur-ulur wektu parampungan tapel wates nagara.
Sanajan wis mardika, Timor Wétan isih gumantung banget marang pasokan barang-barang sakaIndonésia, wiwit saka bahan pangan (sembako) nganti bahan bakar lenga (BBM) mligi liwat provinsi Nusa Tenggara Wétan (Indonésia). Australia naté nyoba nguasani dhistribusi barang-barang kabutuhan sadina-dina nanging gagal amarga kelarangen lan kurang ditepungi déning rakyat Timor Wétan. Saliyané gumantung banget kanthi pulitik marang mantan panjajah Portugal, Timor Wétan ngadhopsi dhuwit dolarAmérika Sarékat minangka piranti kanggo dol-tinuku kang ngakibataké daya beli rakyat anjlok dibandingaké karo nalika isih dadi provinsi Indonésia.
Taun2005 kang ndunungi Timor Wétan dikira-kira cacahé 1.040.880 jiwa. Padunung Timor Wétan wujud campuran antara bebrayanMelayu lanPapua. Mayoritas kang ndunungi Timor Wétan nganut agamaKatulik (90%), banjurProtèstan (5%),Islam (3%), lan sisanéBuda,Hindhu, lan ilèn kapercayaan (2%).Amarga mayoritas kang ndunungi nganut agama Katulik, saiki ana rong kabiskopan (diosis) yaiku:Diosis Dili lanDiosis Baucau kang nyakup papat dhistrik pérangan wétan Timor Wétan. Basa resmi Timor Wétan yaikubasa Tetun lanbasa Portugis. Dénébasa Inggris lanbasa Indonésia dipilih minangka basa makarya meiturut konstitusi Timor Wétan.
Wiwit mardika taun2002, sawisé ana ing ngisor papréntahan transisiPBB ing taun1999, dhedhasar konstitusi, Timor Wétan mung ngakoni 2 basa nasional yaiku basa Tetum lanbasa Portugis. Sajeroning konstitusi disebutaké 2 basa kang didadèkaké basa makarya yaikubasa Inggris lanbasa Indonésia. Sajeroning praktek sadina-dina, masarakat akèh migunakaké basa Tetum minangka basa ucap. Sauntara basa Indonésia akèh dipigunakaké kanggo nulis. Upamané bocah sekolah ing tataran SMA isih migunakaké basa Indonésia kanggo ujian pungkasan. Akèh mahasiswa lan dosèn luwih milih migunakaké basa Indonésia minangka basa pengantar lan nulis karangan ilmiah.