Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Tembung panyeru

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Tembung panyeru utawi asring kasebatTembung panguwuh utawiTembung sebawa, punika tembung ingBasa Jawi ingkang nggambaraken wedharing raos suka, kagèt, kuciwa, gela, gumun, lan sapiturutipun.

Tuladhanipun: adhuh, ah, hé, lho, lha, o, oh, nah, wah, hah, heh, hus, hi, sokur, horé, walah, tobat, yahud, ta, mbok, jé, kok, dhing, tak.

Sanèsipun ingkang kasebat ing nginggil, wonten ugi tembung panyeru ingkang kasar ingkang kaucap nalika nembé duka, kanthi nambahaken panambang -mu dhumateng pérangan inggih jalmi. Tuladha:ndhasmu, matamu lan sapanungggalipun.

Tembung sabawa

[besut |besut sumber]

Tembung sabawa (kata seru) utawaInterjeksi yaikutembung kang ora duwé teges dhéwé, nanging mratelakake sarasaning atine wong kang ngucapake; dadi wis prasasat ukara.

Tembung iki kena kapérang dadi 6 warna, yaiku:

  • Sabawaning samubarang kang kaprungu. Kaya ta: thik, thek, thok, ther, dhor, krosak, blug, lsp.
  • Sabawaning samubarang kang katon. Kaya ta: santiyeng, grudug, blas, lap, nyat, lsp.
  • Sabawaning pangungun (getun). Kaya ta: wah, tobil, biyang/biyah, toblas, lsp.
  • Sabawaning suka (bungah). Kaya ta: hore, huse, heee.
  • Sabawaning kaget (ora kanyana). Kaya ta: lho, lah, dalah, lah dalah, wadhuh.
  • Sabawaning kacuwan (prihatin). Kaya ta: hus, dhuh, lho, e, o, blahi, lsp.
JinisTembung
Widya Tembung
Miturut aktif utawa orané tembung
Miturut wewangunan tembung
Golongan
Tembung ayahan
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Tembung_panyeru&oldid=1549574"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp