Tawanan perang (prisoner of war) iku sebutan tumrapbala sing dikunjara déning mungsuh ing mangsa konflik mawa gaman (perang). Ana undhang-undhang sing nata supaya para tawanan perang ditangani kanthi manusiawi, nanging manut orané marang undhang-undhang mau béda saka nagara siji lan sijiné.
Pasal 4Konvènsi Katelu Jenéwa nglindhungi anggota militèr sing kacekel, pambrontak gerilya, lanwarga sipil. Salah siji sarat konvènsi mau ya iku yèn panyiksaan marang para tawanan dianggep ilegal, lan yèn para tawanan mau mung cukup mènèhi katrangan ngenani jeneng, tanggal lair, pangkat, sarta nomer registrasiné.
Status tawanan perang ora kalebu para nonkombatan sing ora mawa gaman sing dicekel ing mangsa perang; wong-wong iki dilindhungi déningKonvènsi Kapapat Jenéwa.