Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Tanah Lot

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Pura Tanah Lot

Tanah Lot yaiku salah sawijiné objek wisata ingPuloBali,Indonésia.[1] Ing Tanah Lot ana pura kang cacahé loro.[1]Pura iki manggon ing sandhuwuréwatu gedhé.[1] Pura kang sepisanan manggon ing sandhuwuré watu gedhé lan pura sing sijiné ana ing sandhuwurétebing kang mirib kayaPura Uluwatu.[1] Pura Tanah Lot iki kalebu péranganingpura Dang Kahyangan.[1] Pura Tanah Lot iku purasagara kang dadi panggonan kanggo muja lan nyembah dèwa-dèwa kang njagalaut.[1]

Legenda

[besut |besut sumber]

Miturutlegenda, pura iki dibangun karo salah sawijinébrahmana kang asalé sakaJawa. Dhèwèké yaikuDanghyang Nirartha kang bisa nguwataké kapitayan pandhudhukBali ngenani ajaranHindhu lan yasaSad Kahyangan iku nalikaabad kaping16.Nalika iku kang nguwasani Tanah Lot yaikuBendésa Beraben,duwé rasa iri karo brahmana iku Dhèwèké iri amarga akèh anak buahé kang ninggal ajarané lan mèlu Danghyang Nirartha.Bendésa Beraben ngongkon Danghyang Nirartha supaya ninggal Tanah Lot.Dhèwèké nyanggupi nanging sadurungé ninggal Tanah Lot dhèwèké kanhti kakuwatané mindhahakéwatu ing tengah pasisir dudu ing tengahsagara.Dhèwèké banjur yasa pura ing kono. Dhèwèké uga bisa ngowahi sléndhangé dadiula kang bakalé njaga pura.Ula iki isih ana nganti saiki lan miturut ngèlmu kangilmiah ula iki kalebu jinisula laut kang duwé ciri-ciribuntuté kang trépés kayaiwak.Ula laut iki wernanéireng lan rada belang-belangkuning.Ula laut iki uga duwéracun kang kakuwatané kaping telu luwih kuwat tinimbangula cobra, Ing akir legenda diterangaké yèn Bendésa Beraben akhiré dadi anak buahé Danghyang Nirartha.

Panggonan

[besut |besut sumber]

Obyek wisata tanah lot manggon ingDésa BerabanKacamatan Kediri Kabupatèn Tabanan, kurang luwih13km baratTabanan.[2]Ing pérangan lor Pura Tanah Lot ana pura kang manggon ing sandhuwuré tebing kang radamenjorok ing sagara.[2] Tebing iki ngubungaké pura lan dharatan.[2] Tebing iki dhapuré kaya kreteg kang melengkung.[2]Tanah Lot dikenal dadi panggonan kang éndah kanggo ndelengsrengéngé kang ambles utawa lumrahé diaranisunset.[2] Akèhturis kang wisata ing Tanah Lot nalika wis soré kanggo ndelengsunset ing kéné.[2]

Cathetan suku

[besut |besut sumber]
  1. abcdefSunset di Tanah Lot teamtouring.netArchived 2010-01-22 at theWayback Machine.(dipunundhuh tanggal 29 Juni 2011)
  2. abcdefMasalah sitiran: Tenger<ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jenenginternet2
Wikimedia Commons duwé médhia ngenaniPura Tanah Lot.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Tanah_Lot&oldid=1717257"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp