Takoyaki[1] (たこ焼き) jeneng panganan saka laladanKansai ingJepang, lanKoréa Kidul, awujud kaya bal-bal cilik kanthi diameter 3–5 cm, digawé saka jladrèn glepung trigu ing jeroné diisèni irisan gurita.
Awale, takoyaki utawa octopus balls mung awujud snack bundher diametere 3–5 cm kang jerone isiné potongan gurita, disajekake karosaus. Takoyaki iki didol nganggo sundukan pring isiné 3 glindhing. Nalika nyajekake, takoyaki mesthi didol ing wujud porsian. 1 porsi padatan isiné 3-10 glindhing ing 1 wadhah, kang mesthi diwènèhi tusuk gigi utawa sumpitsekali pakai. Ing Jepang, takoyaki padatan didol ing wadhah kang wujudé kaya prau.
Takoyaki misuwur banget ing Jepang, khususé ing Kansai,Tokyo lan Osaka. Snack mungil iki paling énak yèn didhahar nalika isih panas minangka nyamikan. Saben omah ing Osaka padatan duwéwajan (loyang) takoyaki. Takoyaki digunakak minangka panganan kebanggaan, kang digawé lawuh kanggo dhahar sega putih.
Takoyaki polos: Ora nganggo saus, rasa kecap asin lan kadhang-kadhang didhahar karoponzu utawauyah kasar
Takoyaki (karo saus): Dhuwure diolesi saus lan mayones,aonori lankatsuobushi.
Takoyaki kecap asin: Dhuwure diolesi kecap asin, kerep tinemu ing laladanNayoga
Akashiyaki (Tamagoyaki): panganan saka tepung terigu kang diencerake karo endhog pitik kang akèh lan dashi, disajekake jejer-jejer ing sadhuwuringpiring wujud talenan lan didhahar kanthi nyelupake ing sup dhedhasar dashi.
Takoyaki-ki: sesebutan kanggo wajan kanthi bunderan-bunderan cekung kang fungsine minangka loyang nalika masak takoyaki.[2]
Sunduk wesi karo cekelan sakakayu/tusuksate: kanggo molak-malik adonan nganti dadi bunder tenanan.
Tepung terigu: nganggone tepung terigu protéin cendhèk supaya asile putih, luwih empuk lan gurih.
Konnyaku: jinis jelly kang duwé akèh serat. Digunakake kanggo variasi isi takoyaki.
Benishoga: asinanjahe (sushi gari) kang dicincang, kanggo nambah citarasa pedhes lan kecut ing takoyaki.
Konbu/kombu: ganggang laut (rumput laut) kang awujud lembaran, kanggo bahan dhasar kaldu (dashi). Ana uga kang fungsine minangka lapisanpana tarabagani sushi (capit kepiting besar).
Tenkasu: cereal jinisrice crispy fungsine kanggo nambahi rasa kriyuk-kriyuk ing takoyaki.
Katsuo-bushi: digawé sakaiwak cakalang. Ana rong jinis, ya iku bubuk lan lembaran serat awarna kecoklatan. Digunakake kanggo pendamping ing masakan Jepang sarta bisa kanggo bahan kaldu.
Saus okonomiyaki:saus kang digunakaké ing okonomiyaki (jinis masakanteppanyaki) minangka lawuh padatan rasané pedhes lan legi.