Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Takeda Shingen

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Lukisan olèh Utagawa Kuniyoshi
Lukisan olèh Utagawa Kuniyoshi

Takeda Shingen (武田 信玄,Takeda Shingen?)(1 Dhésèmber1521 utawa3 November taun pisanan ana ing eraDaiei13 Mèi1573 utawa12 April taun angka 14 eraGenki) utawa dikenal karoTakeda Harunobu yaikudaimyojaman Sengoku sakaprovinsi Kai.[1] Takeda Shingen lair dadi putra kang sah kanggo marisiklan Takeda kang turun temurun njabatshugo ana ingKai.[2] Sawisé bisa nguwasaniShinano, Takeda Shingen banjur tarung nglawanUesugi Kenshin ana ingPertempuran Kawanakajima.[1] Takeda Shingen terus ngambakake wewengkon kakuasane nganti tekan provinsi Kai, Shinano,Suruga,Kōzuke,Tōtōmi, lan uga sapérangan wewengkonMikawa lanMino.[1] Takeda Shingen dikabarke mati amarga lara ana ing dalan nalika arep nyerangKyoto.[1] Shingen yaiku sawijining jenengkaimyō dena Harunobu yaiku jeneng kaurmatan (imina).[1] Jeneng resmi kang diwènèhake kaisar yaiku Minamoto no Harunobu. Ana ing peperangan, Takeda Shingen kang duwé jejuluk "macan saka Kai" ngibarake bendera perang kang dijenengiFūrinkazan (風林火山,Fūrinkazan? angin, rimba, geni, gunung).[1] Pasukan numpak jaran kang dibawahi Takeda Shingen yaiku wadyabala kavaleri paling kuwat ana ingjaman Sengoku.[1] Nalika jamanTaishō, Shingen kanthi anumerta nampa kalungguhanJusan-i kang duwé kedudukan telung tingkat sangisore kalungguhan mahamantri.[1]Takeda Shingen lair tanggal3 November1521 kang dadi putra pewarisTakeda Nobutora ing provinsi Kai.[2] Tarō utawa Katsuchiyō yaiku jeneng undang-undangane nalika dhèwèké isih cilik.[2] Bapaké Shingen (Takeda Nobutora) yaiku daimyō jaman Sengoku kang nyawijikake provinsi Kai lan uga kang ngadegaké klan Takeda.[2] Nobutora yaiku pemimpin génerasi angka 18 klanKai Genji utawa klanTakeda kang turun temurun njabatshugo ing provinsi Kai wiwitjaman Kamakura.[2] Nalika laire Shingen, provinsi Kai diserang déning 15.000 prajurit saka wadyabala Imagawa kang dibawahiFukushima Masanori saka panjalukan sakaImagawa Ujichika.[2] Semangat tempur wadyabala Takeda dadi tambah semangat nalika ngerti berita kelairan Shingen, kang ndadèkaké wadyabala Imagawa kang jumlah luwih akèh bisa dikalahake.[2]

Cathetan suku

[besut |besut sumber]
Wikimedia Commons duwé médhia ngenaniTakeda Shingen.
  1. abcdefgh"Biografi Takeda Shingen www.samurai-archives.com". Diarsip sakasing asli ing 2010-02-27. Dibukak ing2011-08-25.
  2. abcdefgBerbagai situs peninggalan klan Takeda www.zephyr.dti.ne.jp
Pengawasan otoritasBesut iki ing Wikidata


Artikel iki minangkaartikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédiangembangaké.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Takeda_Shingen&oldid=1650580"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp